MISTIK KEJAWEN SAJRONE SERAT WIRID KARAJAN (TINTINGAN FILOLOGI)

  • SITI EKAWATI

Abstract

Siti Ekawati, Drs. Bambang Purnomo, M.S.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

echapawestri@gmail.com

Abstrak

 

Naskah Serat Wirid Karajan minangka salah sawijine wujud karya sastra Jawa Anyar. Irah-irahan naskah bisa aweh gegambaran ngenani  isine naskah kang ngandharake piwulang agama Islam. Naskah Serat Wirid Karajan kang ditliti bisa diarani sawijine naskah salinan, saengga njalari anane babagan kang owah sajrone teks naskah. Karya sastra arupa naskah-naskah lawas ora mung tulisan tanpa aji, nanging ngandhut panemu lan kawruh kang ngandhut nilai luhur kang bisa dadi sumber piwulang. Salah sawijine kawruh kang ana ngenani piwulang agama Islam kang gegayutan karo kapitayan Jawa.

Gegayutan karo andharan mau, bisa dijupuk undherane rembug ing panliten iki yaiku: (1) Kepriye wujude naskah Serat Wirid Karajan?, (2) Kepriye suntingan teks naskah Serat Wirid Karajan?, (3) Kepriye mistik kejawen sajrone naskah Serat Wirid Karajan?, lan (4) Kepriye sesambungan intertekstual naskah Serat Wirid Karajan karo Serat Wirid Hidayat Jati?. Paedahe panliten yaiku nyengkuyung lan ngrembakake panliten sastra mligine sastra Jawa kuna, bisa nambahi kawruh tumrap pamaos lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure.

Panliten iki migunakake leladhesan teori filologi kanggo ngandharake kahanane naskah Serat Wirid Karajan. Suntingan teks lan kritik teks katindakake kanthi pamarekan filologi modern nggunakake edisi diplomatik. Metode Hermeneutik lan semiotika kagunakake kanggo ngoceki kasusastran kang awujud naskah Serat Wirid Karajan iki kanthi penapsiran supaya bisa mangerteni isine naskah  ngenani bab mistik kejawen. Tintingan interteks ing panliten iki bakal nggoleki sesambungan antara Serat Wirid Karajan klawan Serat Wirid Hidayat Jati. Panliten iki migunakake tintingan prinsip struktur kanggo ngoceki nilai kang kinandhut sajrone naskah.

Asile deskripsi bisa diweruhi kahanane naskah isih apik, naskah dumadi saka 39 kaca, wujude gancaran, katulis tangan, wujud tulisane aksara Jawa, basa kang digunakake basa Jawa Anyar lan ana saperangan tembung serapan basa Arab. Suntingan teks katindakake kanthi pamarekan filologi modern nggunakake edisi diplomatik. Asile suntingan teks ngasilake 118 tetembungan kang klebu kritik teks saka 39 kaca miturut pamawase panliti.

Mistik kejawen ngandharake kapitayan Jawa supaya bisa nggayuh kasampurnane urip lan manunggaling kawula Gusti. Panliten iki bakal merang sesambungane urip: Allah-Allah, Allah-manungsa, manungsa-Allah, manungsa-manungsa, lan manungsa-alam. Andharan kang ana sajrone Serat Wirid Karajan nduweni sesambungan klawan Serat Wirid Hidayat Jati. Miturut panliten iki, kekarone nduweni sumber panulisan kang padha. Nilai kang kinandhut sajrone naskah Serat Wirid Karajan kaperang dadi nilai agama lan nilai sosial. Nilai agama gegayutan karo kaimananane manungsa marang Gusti Allah. Nilai sosial gegayutan karo tumindake manungsa sajrone bebrayan. Nilai sosial sajrone Serat Wirid Karajan.

Published
2015-08-21
How to Cite
EKAWATI, S. (2015). MISTIK KEJAWEN SAJRONE SERAT WIRID KARAJAN (TINTINGAN FILOLOGI). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 72
PDF Downloads: 77