TINDAK TUTUR JANJI ING DHUSUN KRAJAN, DESA AMPEL, KECAMATAN WULUHAN, KABUPATEN JEMBER

  • NINO GUSDYAN PRADANA

Abstract

Nino Gusdyan Pradana, Drs. Surana, M.Hum.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

nino_gusdyan@ymail.com

Abstrak

 

Tindak tutur janji kalebu tindak tutur komisif kang kerep ditindakake ing bebrayan. Tindak tutur janji ditindakake kanggo mahanani mitra tutur. Dene jinis tindak tutur janji ing Dhusun Krajan durung tau ditliti. Jinis kasebut diperang dadi loro yaiku lageyane lan pananggape mitra tutur. Rong perangan  kasebut nduweni sesambungan karo sumber, struktur sosial, relasi sosial,lan kahanan sosial. Tujuwan panliten iki yaiku nemokake jinise tindak tutur janji ing Dhusun Krajan, Desa Ampel, Kecamatan Wuluhan Kabupaten Jember. Jinis kasebut kasusun saka lageyane panutur lan pananggape mitra tutur.

Panliten tindak tutur janji iki dilebokake jinis etnografi amarga ngrembug basa kang nduweni sesambungan karo konteks sosial. Panliten iki asipat dialektif, deskriptif, lan sinkronis. Teori kang digunakake yaiku teori tindak tutur Levinson. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan. Sumber dhatane asale saka cathetan lan rekaman warga Dhusun Krajan, Desa Ampel, Kecamatan Wuluhan, Kabupaten Jember. Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak. Tatacarane njlentrehake dhata kanthi metodhe kategoris lan deskriptif. Dene tatacara nyuguhake jlentrehan dhata kanthi metodhe informal.

Jinise tindak tutur janji ing Dhusun Krajan, Desa Ampel, Kecamatan Wuluhan, Kabupaten Jember ana 4 jinis, yaiku lageyane panutur blaka langsung kang katampa dening mitra tutur, lageyane panutur blaka langsung kang katampik dening mitra tutur, lageyane panutur blaka langsung kang katagih dening mitra tutur, lan lageyane panutur ora blaka langsung kang katampa dening mitra tutur.

Tembung wigati: tindak tutur janji, Dhusun Krajan Desa Ampel Kecamatan Wuluhan Kabupaten Jember

Published
2015-08-24
How to Cite
GUSDYAN PRADANA, N. (2015). TINDAK TUTUR JANJI ING DHUSUN KRAJAN, DESA AMPEL, KECAMATAN WULUHAN, KABUPATEN JEMBER. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 31
PDF Downloads: 26