DHAPUR SINTAKTISE LELEWANE BASA MAWA PEPINDHAN ING WOLUNG KARYANE RADEN NGABEHI RANGGAWARSITA
Abstract
Wahyu Sri Rizki, Drs. Sugeng Adipitoyo,M.Si.
Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)
Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Surabaya
Wahyusri_rizki@yahoo.com
Abstrak
Panliten tumrap lelewane basa wis kerep katindakake dening pamarsudi basa. Nanging panliten kasebut durung ana kang mligi ngrembug ngenani dhapur sintaktise lelewane basa mawa pepindhan. Panliten kang wis tau ditindakake mung ngandharake teges kang kinandhut ing lelewane basa. Adhedhasar bab kasebut, underane panliten, yaiku kepriye dhapur sintaktise lelewane basa mawa pepindhan ing wolung karyane Raden Ngabehi Ranggawarsita adhedhasar wujud, guna, lan kalungguhane. Tujuwan panliten iki, yaiku kanggo jlentrehake dhapur sintaktise lelewane basa mawa pepindhan ing wolung karyane Raden Ngabehi Ranggawarsita adhedhasar wujud, guna, lan kalungguhan.
Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Teori transformasi generatif dumadi saka rong perangan utama, yaiku asumsine teori transformasi generatif lan cara kerjane teori transformasi generatif. Cara kerjane teori transformasi generatif iki diperang dadi telu adhedhasar triaspek sintaktis, yaiku wujud, guna, lan kalungguhan.
Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis, amarga basa kang ditliti yaiku Basa Jawa ing jaman Basa Jawa Anyar. Panliten iki asipat dheskriptif utawa jlentrehan dhata ing panliten iki, yaiku ukara kang nuduhake lelewane basa mawa pepindhan. Sumber dhata saka wolung karyane Raden Ngabehi Ranggawarsita, yaiku Kalatidha, Candrarini, Cemporet, Sabdatama, Sabdajati, Wedharaga, Wirid Hidayat Jati, lan Jaka Lodhang. Dhata utama ing panliten iki yaiku ukara lelewane basa mawa pepindhan. Dhata dikumpulake kanthi cara metodhe studi pustaka, banjur ditulis ing kartu dhata. Dhata kang wis dikumpulake, banjur dijlentrehake kanthi cara kerjane teori transformasi generatif. Jlentrehane dhata disuguhake kanthi metodhe informal.
Titikane lelewane basa mawa pepindhan adhedhasar wujude ukara, yaiku (1) bebasan nduweni wujud ukara lamba; (2) saloka nduweni wujud ukara lamba lan ukara camboran; (3) sanepa nduweni wujud ukara lamba; (4) candra nduweni wujud ukara lamba; (5) rumpaka nduweni wujud lamba; lan (6) isbat nduweni wujud lamba lan camboran. Wujud ukara isih diperang adhedhasar gunane ukara, yaiku (1) bebasan nduweni gunane ukara (1) bebasan ukarane mawa lesan tanpa geganep lan tanpa lesan mawa geganep; (2) saloka ukarane mawa lesan tanpa geganep, tanpa lesan mawa geganep, lan tanpa lesan tanpa geganep; (3) sanepa ukarane tanpa lesan mawa geganep lan tanpa lesan tanpa geganep; (4) candra ukarane tanpa lesan tanpa geganep lan tanpa lesan mawa geganep; (5) rumpaka ukarane tanpa lesan mawa geganep tanpa lesan tanpa geganep; lan (6) isbat ukarane mawa lesan tanpa geganep, tanpa lesan mawa geganep, lan tanpa lesan tanpa geganep.
PDF Downloads: 48