LEGENDHA CANDI TAWANG ALUN ING DESA BUNCITAN KECAMATAN SEDATI KABUPATEN SIDOARJO (Tintingan Folklor)

  • SRI WAHYU LESTARI

Abstract

Abstrak

 

                Legendha Candi Tawang Alun isih ngrembaka ing gesange masyarakat Desa Buncitan. Panliti kepengin ngudhar kanthi cetha Legendha Candi Tawang Alun. Underane panliten iki sing pengin dirembug yaiku 1) Kepriye mula bukane “Legendha Candi Tawang Alun ing Desa Buncitan, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo?”, 2) Apa bae nilai budaya apa kang kinandhut sajrone “Legendha Candi Tawang Alun ing Desa Buncitan, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo?”, 3) Salugune apa fungsi crita “Legendha Candi Tawang Alun ing Desa Buncitan, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo?”, 4) Kepriye gegayutan crita “Legendha Candi Tawang Alun ing Desa Buncitan, Kecamatan Sedati, Kabupaten Sidoarjo?”karo kahanan masyarakat bebrayan. Paedah saka panliten iki yaiku 1) panliten iki kanggo nambahi kawruh ngenani Legendha Candi Tawang Alun lan nilai-nilai budaya sajrone crita legendha kasebut, 2) panliten iki kanggo dhokumentasi mligine tumrap masyarakat Desa Buncitan, Tembung wigati saka panliten iki antarane legendha yaiku wujude kang rowa kayata mite utawa dongeng, Candi Tawang Alun yaiku bangunan kanggo dedonga dening resi Tawang Alun, Desa Buncitan yaiku sawijine Desa kang manggon ana Kecamatan Sedati, Folklor yaiku kabudayan kang kolelktif, maneka werna lan sumebar kanthi turun tinurun.

Legendha Candi Tawang Alun kang dadi objek panliten iki, kalebu panliten kabudayan Jawa. Panliten iki kalebu kualitatif, lan nggunakake tintingan folklor. Teori, konsep, lan panemu liya kang nyengkuyung tintingan folklor, kaya dene: kabudayan, folklor, legendha lan perangan legendha, wredining kabudayan lan pigunane, nilai budaya, konsep fungsi. Metode kang digawe yaiku deskriptif awujud observasi, wawancara, rekam, pengamatan lan nyathet, dokumentasi, transkripsi data, lan terjemahan. Tata cara nglumpukake data ing panliten iki yaiku tata cara observasi, wawancara, rekam, nyathet, dokumentasi, 1) open coding, 2) axial coding, 3) selective coding.

Legendha Candi Tawang Alun kinandhut nilai budaya antarane nilai didaktis yaiku kawicaksanan, sabar, tanggung jawab, rumangsa salah, pitutur. Nilai religius yaiku tapa lan ukuman. Nilai etik yaiku ngugemi pituduh, tresna lan kuciwa. Panliten iki uga nduweni fungsi kang dideleng kanthi tintingan folklor kayata: 1) minangka sistem proyeksi, 2) minangka piranti kanggo ngesahake aturan lan lembaga kabudayan, 3) minangka piranti panggulawenthah marang anak. 4) minangka piranti meksa lan ngawasi paugeran masyarakat supaya tansah diugemi dening masyarakat. Saliyane nilai budhaya lan fungsi, panliten iki uga nduweni asil kang gegayutan karo masyarakat yaiku candi Tawang Alun iki isih dianggep wigati kanggo cagar budaya lan wisata spiritual kanggo urip ing bebrayan uga candi Tawang Alun iki ora wigati krana wis akehe masyarakat sing ora percaya marang samubarang kang asipat mistik lan masrahake sakabehe rejeki, jodho lan keslametan dening GUSTI ALLAH.

Published
2016-01-07
How to Cite
WAHYU LESTARI, S. (2016). LEGENDHA CANDI TAWANG ALUN ING DESA BUNCITAN KECAMATAN SEDATI KABUPATEN SIDOARJO (Tintingan Folklor). JOB (Jurnal Online Baradha), 4(1). https://doi.org/10.26740/job.v4n1.p%p
Abstract Views: 112
PDF Downloads: 102