LEGENDHA JENENG DESA ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO

  • MARIA RAHMANI

Abstract

Abstrak

 

Kecamatan Trowulan minangka salah sawijine kecamatan sing manggon ing Kabupaten Mojokerto. Cacahe desa ing kecamatan kasebut ana enembelas lan nduweni crita sing maneka warna. Kecamatan kasebut minangka kecamatan sing kawentar babagan paninggalan Kraton Majapahit, mula crita mula buka desane isih ana gegayutane karo jaman Kraton Majapahit lan para wali.Lelandhesan mau bisa nuwuhake underan panliten gegayutan karo legendha kasebut. Underane panliten iki yaiku (1) Kepriye wujud legendha jeneng desa ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto? (2) Kepriye struktur crita legendha kasebut? (3) Kepriye nilai budaya legendha kasebut? (4) Kepriye fungsi legendha kasebut?. Selaras karo underane panliten bisa dingerteni tujuwan saka panliten iki yaiku (1) Njlentrehake wujud legendha jeneng desa ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto. (2) Njlentrehake struktur legendha jeneng desa kasebut. (3) Njlentrehake nilai budaya legendha jeneng desa kasebut. (4) Njlentrehake fungsi sajrone legendha jeneng desa kasebut.

Kanggo nggayuh tujuwan panliten, panliti nggunakake maneka warna konsep. Konsep struktur legendha jeneng desa ing Kecamatan Trowulan Kabupaten Mojokerto nggunakake konsep saka Levi-Strauss sing merang patang tataran sajrone dongeng, yaiku: tataran geografis, tataran ekonomi, tataran sosiologis, lan tataran kosmologis. Konsep nilai budaya legendha kasebut nggunakake konsep saka Saryono sing nggolongake nilai budaya dadi papat, yaiku nilai religius Jawa (NRJ), nilai filosofis Jawa (NFJ), nilai etis Jawa (NEJ), lan nilai estetis Jawa (NTJ). Konsep fungsi legendha kasebut nggunakake konsep saka Bascom sing merang fungsi folklor dadi papat, yaiku minangka sistem proyeksi: pathokan sing ana ing angen-angening sawijing kelompok bebrayan, minangka piranti sing dipaugeri pranata lan lembaga kabudayan, minangka piranti pendhidhikan, lan minangka piranti kanggo nguwasai aturan bebrayan supaya tetep diugemi.

Metodhe sing digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Dhatane panliten yaiku awujud tembung-tembung lan tumindake wong diwawancarai gegayutan karo underane panliten. Teknik sing digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku kanthi cara observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Tata cara analisis dhata sing ditindakake sajrone panliten iki nduweni tahap-tahap, yaiku dhata sing wis nglumpuk digolongake adhedhasar masalah sing pengin dionceki, analisis utawa ngonceki asile dhata adhedhasar  underane panliten, lan menehi dudutan saka sakabehane dhata sing ana.

Published
2016-01-18
How to Cite
RAHMANI, M. (2016). LEGENDHA JENENG DESA ING KECAMATAN TROWULAN KABUPATEN MOJOKERTO. JOB (Jurnal Online Baradha), 4(1). https://doi.org/10.26740/job.v4n1.p%p
Abstract Views: 24
PDF Downloads: 0