UPAYA NINGKATAKE PASINAON NULIS SANDHANGAN WYANJANA LUMANTAR MODHEL PASINAON KOOPERATIF TYPE TEAM ACCELERATED INSTRUCTION (TAI) SISWA KELAS VIIIC ING SMPN 2 SUMBERGEMPOL TULUNGAGUNG

  • ENDANG TRI WAHYUNINGSIH

Abstract

ENDANG TRI WAHYUNINGSIH (13020114085), Prof. Dr. UDJANG PAIRIN M. BASIR, M.Pd

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH (JAWA)

FAKUTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI  SURABAYA

ABSTRAK

Adhedhasar observasi ing SMPN 2 Sumbergempol mligine siswa kelas VIIIC partisipasi lan ketuntasan siswa sajroning pasinaon aksara Jawa mligine nulis sandhangan wyanjana akeh sing durung tuntas kanthi biji sangisore 75. Siswa kang durung tuntas ing kompetensi nulis aksara Jawa umume sajroning pasinaon dheweke durung nguwasahi materi lan partisipasi ing proses pasinaon pasif. Dadi kanggo mrantasi perkara iku, kudu  nggunakake maneka cara variasi.  Siswa akeh sing durung bisa ngecakake sandhangan wyanjana ing tembung, frase, lan ukara. Faktor modhel penyajian lan evaluasi asil sinau raket gegayutane karo minat sinau bocah. Saka asil pengamatan saka kanca guru-guru basa Jawa, isih akeh para dwija basa Jawa kurang variatif anggone mulang.

Adhedhasar saka lelandhesane panliten kasebut, underaning panliten bisa karumusake kaya iki; (1) Kepriye undhake aktivitas guru sajroning pasinaon nulis sandhangan wyanjana, (2) Kepriye undhake aktivitas siswa sajroning pasinaon nulis sandhangan wyanjana, (3) Kepriye undhake asile pasinaon siswa sajroning nulis sandhangan wyanjana aksara Jawa kanthi Modhel Pasinaon Kooperatif Type Team Accelerated Instruction (TAI) siswa kelas VIIIC SMPN 2 Sumbergempol? Tujuwan saka panliten iki tumrap pengembangan kemampuan siswa marang panulisan sandhangan wyanjana aksara Jawa; (1) Ngasilake dheskripsi undhake aktivitas guru sajroning pasinaon nulis sandhangan wyanjana, (2) Ngasilake dheskripsi undhake aktivitas siswa sajroning pasinaon nulis sandhangan wyanjana, lan (3) Ngasilake dheskripsi undhake asile pasinaon nulis sandhangan wyanjana aksara Jawa kanthi Modhel Pasinaon Kooperatif Type Team Accelerated Instruction (TAI) siswa kelas VIIIC SMPN 2 Sumbergempol.

Ngumpulake dhata minangka sawijining upaya kanggo ngumpulake katrangan kang nyata lan bisa dipertanggung jawabake kanggo kebutuhan panliti. Pengumpulan dhata iki nduweni tujuwan kanggo ngolehake dhata kang nyata, reliabel, lan akurat kang ana gandhenge karo panliten. Teknik sing  digunakake  kanggo nglumpukake  dhata sajroning  panliten iki  yaiku  observasi, lan tes.Panliten iki nggunakake analisis deskriptif kuantitatif yaiku analisis kanthi ndheskripsikake  asil  panliten kang  arupa  angka-angka.Langkah umum analisis dhata iki ditindakake kanthi linandhesan instrumen kang digunakake kanggo nglumpukake dhata. Dhata sing wis kasil diklumpukake, dianalisis  kanthi  rumus  tartamtu kanggo mangerteni  kuwalitas pasinaon type TAI sing dikembangake.

Adhedhasar asile panliten nudhuhake anane undhak-undhakan biji sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa sandhangan wyanjana Aktivitas guru lan siswa nudhuhake anane undhak-undhakan ing siklus 2, semana uga biji siswa uga ana undhak-undhakan. Ing siklus 2 diolehake biji rata-rata kelas VIIIC yaiku 80, kanthi ketuntasan klasikal 80,8%. Persentase observasi aktivitas siswa oleh pambiji 74%, banjur aktivitas guru 86%.Saka asil kang diolehake kasebut nudhuhake yen kanthi modhel pasinaonTAI ana undhak-undhakan kang dumadi ing saben kriteria. Saka asil sinau siswa lan ketuntasan klasikal, siswa wis bisa nggayuh KKM lan ketuntasan klasikal kang ditemtokake yaiku 75, lan 75%. Adhedhasar asile nile nudhuhake kanthi nggunakake pasinaon  type TAI bisa ngundhakake ketuntasan sinau siswa.

Tembung-tembung wigati: pasinaon, sandhangan wyanjana, Type Team Accelereted Instruction (TAI)

Published
2016-02-09
How to Cite
TRI WAHYUNINGSIH, E. (2016). UPAYA NINGKATAKE PASINAON NULIS SANDHANGAN WYANJANA LUMANTAR MODHEL PASINAON KOOPERATIF TYPE TEAM ACCELERATED INSTRUCTION (TAI) SISWA KELAS VIIIC ING SMPN 2 SUMBERGEMPOL TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 51
PDF Downloads: 46