Ngundhakake Kawasisan Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik Siswa Klas IX F SMPN 3 Kertosono Taun Ajaran 2015/2016

  • AGUS WIYONO

Abstract

Agus Wiyono, Dr. Surana, S.S., M.Hum.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Abstrak

 

Adhedhasar kanyatan kang ana ing lapangan, akeh guru kang rumangsa kangelan anggone mulangake bab kang gegayutan karo karya sastra, mligine tembang. Bab iki dijalari salah sijine amarga guru uga kurang seneng marang tembang, utawa bisa dijalari amarga guru kurang nguwasai cara mulang tembang kanggo siswane. Adhedhasar dhata evaluasi sajrone nulis siswa klas IX F SMPN 3 Kertosono semester I isih sangisore Kriteria Ketuntasan Minimal (KKM) yaiku 76. Meruhi kanyataan kasebut, perlu dianakake upaya kanggo ngundhakake kawasisan siswa anggone nulis tembang macapat ing sekolah. Metodhe pasinaon kang cocog digunakake yaiku metodhe teks akrostik. Metodhe teks akrostik yaiku cara kang ditindakake guru kanggo nggampangake siswa anggone ngeling-eling sawijining materi kanthi migunakake huruf ing wiwitan, tengah lan pungkasaning sawijining ukara utawa frasa tartamtu. Mula adhedhasar maneka andharan kang wis jlentrehake sadurunge, mula panliten iki bakal migunakake metodhe teks akrostik sajrone nulis tembang. Paneliti bakal nindakake penelitian tindakan klas kanthi irah-irahan “Ngundhakake Kawasisan Nulis Tembang Macapat kanthi Metodhe Teks Akrostik Siswa Klas IX F SMPN 3 Kertosono Taun Ajaran 2015/2016”.

Ancase panliten yaiku: 1. Mangerteni sepira undhak-undhakane kawasisan siswa klas IX F sajrone pasinaon nulis tembang macapat kanthi metodhe teks akrostik. 2. Mangerteni sepira undhak-undhakane aktivitas siswa klas IX F sajrone pasinaon nulis tembang macapat. 3. Mangerteni sepira undhak-undhakane kawasisan guru sajrone pasinaon nulis tembang macapat ing klas IX F.

Sajrone ngumpulake dhata migunakake patang teknik yaiku observasi, dokumentasi, catatan lapangan lan tes. Analisis dhata digunakake kanggo ngidentifikasi ana utawa orane masalah. Teknik analisis dhata kang digunakake yaiku teknik deskriptif  lan prosentase. Adhedhasar asil panliten kawasisan nulis tembang macapat kanthi metodhe teks akrostik kang wis ditindakake panliti ing kelas IX F SMPN 3 Kertosono taun ajaran 2015/2016, bisa didudut saperangan bab, kayata:1. Kawasisan siswa nulis tembang macapat mundhak, saka rata-rata ing siklus I 68.44 mundhak dadi 75.53 ing siklus II. Kanthi prosentase ketuntasan 65% ing siklus I lan mundhak dadi 86% ing siklus II. Yen adhedhasar indikator keberhasilan panliten kang netepake 80% siswa kang tuntas sajrone nulis tembang macapat, mula panliten iki kalebu kasil ditindakake. 2. Aktivitas siswa ana undhak-undhakan, saka rata-rata aktivitas siswa 15.59 lan presentase keberhasilan 65% kanthi kategori B (Apik ) ing siklus I, mundhak dadi 17.91 lan presentase keberhasilan 74% kanthi kategori B (Apik ) ing siklus II. 3.  Kawasisan guru mundhak, saka rata-rata skor 22 kategori B (Apik ) lan presentase keberhasilan 61% ing siklus I mundhak dadi 29 kanthi presentase keberhasilan 81% kanthi kategori A (Apik Banget) ing siklus II. 

Published
2016-02-09
How to Cite
WIYONO, A. (2016). Ngundhakake Kawasisan Nulis Tembang Macapat Kanthi Metodhe Teks Akrostik Siswa Klas IX F SMPN 3 Kertosono Taun Ajaran 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 74
PDF Downloads: 54