NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA JAWA MURDA KANTHI MEDHIA KERTU “POHON AKSARA” ING KELAS VIII A SMP NEGERI I NGANTRU TULUNGAGUNG TAUN AJARAN 2015-2016

  • ANIK INDARTI

Abstract

Anik Indarti, Drs. Bambang Purmono,M.S.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

aniksangata@gmail.com

Abstrak

 

 Adhedhasar Kurikulum KTSP kang wis ditrapake ing saben tahun. Materi – materi kang diwenehake ssajrone pasinon Basa Dhaerah. Salah sijine yaiku ketrampilan nulis. Panliten iki munjerake ing materi nulis aksara Jawa, mligine aksara Jawa Murda lan ditindakake marang murid kelas VIIIA SMP Negeri 1 Ngantru. Senajan wis mangerteni jenis-jenise aksara Jawa,, mligine aksara Jawa Murda, nanging kelas VIII A durung nguwasani kepriye carane nulis aksara Jawa Murda kang pener.

               Panliten iki kalebu PTK saengga nggunakake siklus. Panliten iki kaperang dadi 2 sikus. Ing saben patemon ana 4 tahapan kang kudu ditindakake, yaiku tahap ngrencanakake kegiyatan, nindakake kegiyatan, observasi lan refeksi. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif, tes lan lembar cathetan kanthi pangolahane dhata nggunakake kualitatif.

               Panliten iki diajab bisa menehi paedah tumrap guru, siswa lan sekolah. Paedah kasebut antarane : guru bisa dadi salahsiji variasi ing sajrone pasinaon kanggo murid supaya bisa nglathh katrampilan nulis aksara Jawa, bisa nuwuhake ketrampilan siswa, sarta sekolah bisa kanggo ningkatake sinau-sinau utamane ing sajrone pasinaon Basa Jawa.

               Tujuan panliten yaiku: (1) ngundhakake aktivitas guru sajrone pasinaon nulis aksara Jawa Murda, (2) ngundhakake ativitas siswa sajrone pasinaon nulis aksara Jawa Murda, (3) ngundhakake asil pasinaon siswa sajrne nulis aksara Jawa Murda kanthi medhia kertu “Pohon Aksara”.

               Sajrone asil panliten dingeerteni menawa: (1) aktivitas guru sklus I ngasilake skor 25 kanthi ketuntasan 22,7% kategori apik, ing siklus II skr 35 kanthi ketuntasan klasikal 31,8% kategori apik, (2) aktivitas siswa siklus I ngolehake skor 432 kanthi ketuntasan klasikal 14,1% kategori apiik lan ing siklus II ngasilakeskor 558 kanthi ketuntasan kasikal 18,6% kategori apik, (3) asil pasinaon katrampilan nulis aksara Jawa Murda siswa siklus I ngolehake skor rata-rata 75,33 kategori apik kanthi ketuntasan klasikal 70% lan siklus II ngolehake skor 82,55 kategori apik kanthi ketuntasan klasikal 83,33%.

               Adhedhasar asil panliten bisa didudut menawa pasinaon nulis aksara Jawa Murda kanthi pangetrapane medhia kertu “Pohon Aksara” bisa ngundhakake katrampilan nulis aksara Jawa Muda siswa kelas VIII A SMP Negeri 1 Ngantru Tulungagung.

Published
2016-02-09
How to Cite
INDARTI, A. (2016). NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA JAWA MURDA KANTHI MEDHIA KERTU “POHON AKSARA” ING KELAS VIII A SMP NEGERI I NGANTRU TULUNGAGUNG TAUN AJARAN 2015-2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 60
PDF Downloads: 28