NGUNDHAKAKE KAWASISAN PIDHATO BASA JAWA KANTHI MODHEL PAMULANGAN LANGSUNG NGANGGO MEDHIA AUDIO VISUAL SISWA KELAS IX A SMP NEGERI 2 LENGKONGTAUN 2015/2016

  • ENDANG HARTININGSIH

Abstract

Endang Hartiningsih, Drs. Bambang Purnomo, M.S.             

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

endangh68@gmail.com

Abstrak

 

Panliten tindakan kelas kanthi modhel pamulangan langsung nganggo medhia audio visual kang katindakake ing kelas IX A SMP Negeri 2 Lengkong, Nganjuk iki kaleksanan amarga bijine siswa ing materi pidhato basa Jawa isih akeh kang sangisore KKM. Modhel pasinaon pamulangan langsung nganggo medhia audio visual kang dipilih amarga ing kene siswa bisa luwih aktif katimbang metodhe ceramah kang mbosenake.

Underan saka panliten iki yaiku (1) Kepriye  undhak-undhakan kawasisan pidhato basa Jawa siswa kelas IX A SMP Negeri 2 Lengkong, sawise nggunakake modhel pamulangan langsung nganggo medhia audio visual,(2) Kepriye owah-owahan patrap/tumindake  siswa kelas IX A SMP Negeri 2 Lengkong sawise nggunakake modhel pamulangan langsung nganggo medhia audio visual, (3) Kepriye owah-owahane patrap/tumindake guru basa Jawa kelas IX A SMP Negeri 2 Lengkong sawise nggunakake modhel pamulangan langsung nganggo medhia audio visual.

Ancase  panliten iki yaiku (1) Ngandharake  undhak-undhakan bijine siswa kelas IX A SMP Negeri 2 Lengkong sawise nggunakake modhel pamulangan langsung nganggo medhia audio visual, (2) Ngandharake owah-owahan patrap/tumindake  siswa kelas IX A SMP Negeri 2 Lengkong sawise nggunakake modhel pamulangan langsung nganggo medhia audio visual, (3) Ngandharake owah-owahan patrap/tumindake guru basa Jawa  kelas IX A SMP Negeri 2 Lengkong sawise nggunakake modhel pamulangan langsung nganggo medhia audio visual.  Paedahe saka panliten iki yaiku :(1) Ndandani pasinaon, (2) ngundhakake kompetensi guru, (3) ngundhakake kawasisane pidhato siswa, (4) ngundhakake kwalitas pasinaon basa Jawa ing sekolah

                Panliten iki kaleksanan saka wulan  Agustus tumekane wulan September, saka ngrancang panliten nganthi nganakake siklus I lan siklus II. Asil saka siklus I yaiku ngasilake persentase katuntasan 70 %. Asil saka siklus II yaiku ngasilake katuntasan 76%. Asil saka aktivitas siswa ing siklus II yaiku ngasilake jumlah 32 lan persentase katuntasan 80%. Asil saka aktivitas guru ing siklus I yaiku ngasilake jumlah 46 lan persentase katuntasan 76,6%. Asil saka aktivitas siswa ing siklus II yaiku ngasilake jumlah 52 lan persentase katuntasan 86,6%. Mula panganggone modhel pamulangan langsung bisa ngundhakake kawasisan pidhato basa Jawa ing kelas IX A SMP Negeri 2 Lengkong.

Published
2016-02-09
How to Cite
HARTININGSIH, E. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN PIDHATO BASA JAWA KANTHI MODHEL PAMULANGAN LANGSUNG NGANGGO MEDHIA AUDIO VISUAL SISWA KELAS IX A SMP NEGERI 2 LENGKONGTAUN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 50
PDF Downloads: 28