METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016

  • ENDANG NARIMO

Abstract

ENDANG NARIMO

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

endangnarimo2@gmail.com

 

Abstrak

 

Penelitian tindakan kelas ingkang irah irahanipun metodhe karya wisata kanggo ngundhakake kawasisan ngarang narasi siswa kelas VIIIA SMP Walisongo Gempol ngandharakemenawa siswa   kangelan anggone ngarang narasi disebabake amarga siswa kangelan ing babagan nggolek panemu (ide), nggawe ukara pambuka, lan ngembangake ukara. Panulis nggunakake metode karya wisata kanggo mrantasi sakabehe prakara kang diadhepi dening siswa. Kanthi nggunakake metode karya wisata, siswa bisa luwih gampang anggone ngarang narasi amarga siswa bakal dituduhake langsung objek kang bisa didadekake sumbering panemu (inspirasi) kanggo ngarang narasi.

Undherane prakara ing panliten iki ana telu, yaiku1.kepriye undhak-undhakane aktivitas guru lan siswa kelas VIII A SMP Walisongo Gempol sajroning pamulangan ngarang narasi kanthi nggunakake metode karya wisata, 2) kepriye undhak-undhakane kawasisan ngarang narasi kanthi nggunakake metode karya wisata siswa kelas VIII A SMP Walisongo Gempol lan 3) prakara – prakara apa bae kang diadhepi guru lan siswa kelas VIII A SMP Walisongo Gempol sajroning pamulangan ngarang narasi kanthi gunakake metode karya wisata..

         Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe deskriptif kualitatif..Panliten deskriptif yaiku panliten kang ngupaya ndeskripsiake gejala, peristiwa lan kedadeyan kang dumadi ing jaman saiki. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa pamulangan basa jawa semester ganjil  tahun ajaran 2015/2016 kang ditindakake ing kelas VIII A SMP Walisongo Gempol kanthi jumlah  38 siswa. Dhata ing panliten iki yaiku tetembungan lan angka kang gegayutan karo bab kawasisan anggone ngarang narasi.Teknik ngumpulake dhata sajrone panliten iki yaiku kanthi observasi lan tes.

         Asil panliten diperang dadi telu.kapisan: pangolahe data observasi aktivitas guru lan sisw Aktivitas guru bisa mundhak sasuwene kegiyatan pamulangan ing siklus I nganti siklus II amarga ing saben patemon guru ngandharake tujuan lan materi pamulangan kanthi luwih cetha, guru nindakake pamulangan adhedhasar RPP, guru mbimbing lan menehi motivasi siswa sajroning pamulangan, lan guru luwih apik anggone mbantu siswa nindakake refleksi. Aktivitas siswa bisa mundhak sasuwene kegiayatan pamulangan ing siklus I nganti siklus II amarga ing saben patemon siswa bisa luwih mangertenni tujuan pamulangan, nduweni wigati marang guru, nduweni motivasi sajroning kegiyatan pamulangan, nindakake refleksi kanthi luwih apik, lan luwih gampang anggone ngarang narasi kanthi ndeleng objek langsung kang ana ing sakiwa tengene 2.,pangolahe data asiling evaluasi siswa anggone ngarang narasi Asil pasinaone siswa sajroning pamulangan ngarang narasi kanthi nggunkake metode karya wisata bisa mundhak sasuwene ing siklus I nganti siklus II amrga ing siklus I guru bisa ngandharake materi kanthi cetha. Dene ing siklus II guru luwih cetha anggone ngandharake materi, kanthi cara  menehi tuladhane karangan narasi marang siswa lan menehi wektu kang luwih dawa kanggo ngarang, saengga bisa ningkatake kawasisane siswa anggone ngarang narasi.

 

sarta alangan alangan kang diadhepi guru lan siswa sasuwene kegiyatan pamulangan kanthi nggunakake metode karya wisata. Alangan kang diadhepi meh saben patemon, yaiku siswa kurang wigati marang andharane guru amarga anane saperangan perkara kang disebabake dening guru lan siswa dhewe.

Published
2016-02-09
How to Cite
NARIMO, E. (2016). METODE KARYA WISATA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGARANG NARASI SISWA KELAS VIII A SMP WALISOSNO GEMPOL TAHUN AJAR 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 49
PDF Downloads: 25