NGUNDHAKAKE KEWASISAN NEMBANG GAMBUH SISWA KELAS IX A SMPN 1 WILANGAN MIGUNAKAKE MEDIA AUDIO VISUAL MP4

  • ERNA TRI WIDAYATI

Abstract

Erna Tri W, Dra. Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

analis29ballighul@yahoo.co.id

Abstrak

 

Siswa rada kangelan nembangake tembang gambuh yen mung dijelasake lan diwenehake tuladha dening guru ing ngarep kelas. Mula kanthi anane media audio visual MP4 lumantar LCD Proyektor diarepake pasinaon nembang mligine gambuh siswa bisa luwih gampang lan nyenengake lan laras karo pakulinan bocah saiki kang ora bisa uwal saka bab kang sesambungan karo teknologi informasi.

Underane panliten yaiku: (1) Kepriye tata carane katrampilan guru anggone ngajarake nembang gambuh siswa kelas IX A SMPN 1  Wilangan  migunakake medhia audio visual Mp4. (2) Undhak-undhakane aktivitas siswa nembang gambuh siswa kelas IX A SMPN 1  Wilangan  migunakake medhia audio visual Mp4. (3) Undhak – undhakane katrampilan nembang gambuh siswa kelas IX A SMPN 1  Wilangan  migunakake medhia audio visual Mp4. Panliten iki kanthi tujuwan kanggo ngundhakake kawasisan nembang gambuh siswa kelas IX A SMPN 1 Wilangan migunakake media audio visual Mp4. Jinis panliten iki yaiku panliten tindakan kelas. Panliten iki katindakake ing rong siklus.

Asil obesrvasi lan tes sajrone pasinaon siswa kelas IX A SMPN 1 Wilangan  ing siklus I menyang siklus II ngalami undhak-undhakan kang signifikan. Asil observasi katrampilan guru saka biji 73 sajrone siklus I mundhak ing siklus II dadi biji 81. Aktivitas siswa saka biji 72 ing siklus I dadi 81 ing siklus II. Dene, kawasisan siswa  nembang saka katuntasan klasikal 67% ing siklus I mundhak dadi 84% ing siklus II. Dudutan, pasinaon nembang gambuh kanthi medhia audio visual mp4 siswa kelas IX A SMPN 1 Wilangan ngalami undhak-undhakan, lan bisa diarani kasil amarga indikator sajrone pasinaon wis kasil kagayuh.

Published
2016-02-09
How to Cite
TRI WIDAYATI, E. (2016). NGUNDHAKAKE KEWASISAN NEMBANG GAMBUH SISWA KELAS IX A SMPN 1 WILANGAN MIGUNAKAKE MEDIA AUDIO VISUAL MP4. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 25
PDF Downloads: 28