UPAYA NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN MACA UKARA PRASAJA AKSARA JAWA LUMANTAR MODHEL PAMULANGAN QUANTUM LEARNING KANTHI MEDHIA KARTU KATA SISWA KELAS VII C SMP NEGERI 1 BERBEK

  • GUNARTO

Abstract

Gunarto, Dra. Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Gunarto.964@gmail.com

Abstrak

 

Adhedhasar dhata asil observasi prasiklus ing kelas VIIIC SMPN 1 Berbek ditemokake perkara sajrone pamulangan. Pamulangan basa Jawa kurang ngetrapake variasi modhel pamulangan lan medhia pamulangan, saengga siswa kurang aktif lan kurang remen tumrap pamulangan basa Jawa. Siswa kangelan ngapalake ukara prasaja aksara Jawa, mbedakake ukara prasaja aksara Jawa, lan maca ukara prasaja aksara Jawa. Asile 61% siswa durung nggayuh KKM kang ditemtokake sekolah, yaiku 75. Mula saka kuwi prelu anane modhel lan medhia pamulangan kang efektif bisa narik kawigaten siswa lan ngundhakake asil pasinaon siswa.

Underane perkara yaiku kepriye undhak-undhakan katrampilan guru, aktivitas siswa, lan asil pasinaonan katrampilan maca ukara prasaja aksara Jawa siswa kelas VII C SMPN 1 Berbek lumantar modhel pamulangan Quantum Learning kanthi medhia kertu tembung?. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngundhakake katrampilan guru, aktivitas siswa, lan katrampilan maca ukara prasaja aksara Jawa siswa kelas VIIIC SMPN 1 Berbek.

Ancangan panliten iki, minangka panliten tindakan kelas (PTK) kang kaperang saka rong siklus lan petang tahapan, yaiku ngrencanakake panliten, nindakake panliten, pengamatan panliten, lan refleksi. Subjek panliten, yaiku guru lan siswa kelas VII CSMPN 1 Berbek kang kaperang saka 32 siswa. Teknik pangumpule dhata ngunakake tes lan observasi. Jinis dhata kualitatif lan kuantitatif.

Asil panliten nuduhake anane undhak-undhakan katrampilan guru. Sajrone siklus I skor 24 kategori “apik”, siklus II skor 36 kategori “apik banget”. Aktivitas siswa siklus I skor rata-rata 19,2 kategori “apik”, siklus II skor rata-rata 24,03 kategori “apik banget”. Asil pasinaon arupa katrampilan maca ukara prasaja aksara Jawa prasiklus katuntasan klasikal nggayuh 37,5%,  siklus I ketuntasan klasikal nggayuh 62,5%, lan siklus II nggayuh prosentase ketuntasan klasikal cacah 81,25%.

Published
2016-02-09
How to Cite
GUNARTO,. (2016). UPAYA NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN MACA UKARA PRASAJA AKSARA JAWA LUMANTAR MODHEL PAMULANGAN QUANTUM LEARNING KANTHI MEDHIA KARTU KATA SISWA KELAS VII C SMP NEGERI 1 BERBEK. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 77
PDF Downloads: 37