NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN CRITA PENGALAMAN  PRIBADI KANTHI MEDHIA MODHEL BONEKA TANGAN SISWA KELAS VII B SMP NEGERI 2 GONDANG TAUN PAMULANGAN 2015/2016

  • KATIMAH

Abstract

Katimah, Dr. Murdiyanto, M.Hum                   

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

06katimah@gmail.com

Abstrak

Crita minangka salah sawijining medhia arupa karya sastra kanggo ngendharake pamawas lan pangrasa kanthi lisan. Pengalaman pribadi mujudake prastawa kang dialami lan ora bisa dilalekake tansah ngandhut rasa kang kudu kaandharake. Kanthi cara nyeritakake pengalaman kasebut, pangrasa sajjrone piker bisa kawedharake. Pamulangan micara kanthi crita mligine crita pengalaman pribadi nduweni kalunguhan kang penting sajrone kurikulum pendhidhikan SMP. Sajrone pamulangan crita pengelaman pribadi kudune bisa ngecakake medhia kang pas supaya crita ora malehi.

Asil observasi kang katindakake ing prasiklus nuduhake menawa cacahe ana 14 (35%) saka 40 siswa klas VII B SMPN 2 Gondang ngrasa kangelan nyusun lan nyeritakake pengalaman pribadine.

Adhedhasar lelandhesane panliten, tujuwan panliten iki yaiku kanggo ngundhakake asil pasinaon katrampilan crita pengalaman pribadi siswa kelas VII B, ngundhakake aktivitas siswa, lan ngundhakake aktivitas guru sajrone pamulangan crita pengalaman pribadi.

Panliten iki mujudake panliten tindakan kelas (PTK) kang kaperang saka rong siklus. Saben siklus kaperang saka 4 tahap, yaiku tahap perencanaan, tindakan, observasi, lan refleksi.

Asil observasi lan tes sajrone pasinaon crita pengalaman pribadi siswa kelas VIIB SMPN 2 Gondang ing siklus I menyang siklus II ngalami undhak-undhakan kang signifikan. Asil tes nuduhake menawa asil pasinaon katrampilan crita pengalaman siswa ing siklus ngolehake skor rata-rata cacah 68,29 kategori “cukup” kanthi  prosentase ketuntasan klasikal cacah 52,5%. Sajrone siklus II ngalami undhak-undhakan kanthi asil tes siswa ngolehake skor rata-rata cacah 80,9 kategori cukup kanthi prosentase ketuntasan klasikal cacah 90%. Asil observasi aktivitas siswa ing siklus ngolehake rata-rata skor cacah 3 prosentase 60% kategori “cukup” lan ing siklus II mundhak kanthi ngolehake skor rata-rata 3,9 prosentase 77,5% kategori “apik”. Asil pengamatan aktivitas guru nuduhake undhak-undhakan saka siklus I kang ngolehake rata-rata skor 3,42 lan prosentase 68,3% criteria “cukup” mundhak ana ing siklus II kanthi ngolehake skor 51, rata-rata 25, lan prosentase 85% kategori “apik”.

Adhedhasar jlentrehan ing ndhuwur bisa didudut menawa pamulangan crita pengalaman pribadi kanthi medhia Boneka Tangan ing  siswa kelas VII B SMPN 2 Gondang  ngalami undhak-undhakan, saka siklus I menyang siklus II lan bisa diarani kasil amarga indikator sajrone pamulangan wis kasil kagayuh.

Published
2016-02-09
How to Cite
KATIMAH,. (2016). NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN CRITA PENGALAMAN  PRIBADI KANTHI MEDHIA MODHEL BONEKA TANGAN SISWA KELAS VII B SMP NEGERI 2 GONDANG TAUN PAMULANGAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 23
PDF Downloads: 44