METODHE DOLANAN PERAN KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN MICARA BASA KRAMA ALUS SISWA KELAS VII-I SMP NEGERI 2 NGANJUK

  • KHOIRUL NIKMAH

Abstract

Khoirul Nikmah, Latif  Nur Hasan, S.Pd., M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Khoirulnimah2014@gmail.com

Abstrak

 

Pangetrapan unggah-ungguh basa iki isih angel ditrapake dening siswa. Siswa angel mbedakake kosakata basa Jawa ngoko lan basa Jawa krama nalika pacelathon nggunakake unggah-ungguh basa kang trep. Mula saka iku siswa nduweni kawasisan micara sakngisore KKM (Kriteria Ketuntasan Minimal) kang wis ditetapake yaiku 75 ing babagan micara ragam basa Krama. Rata-rata siswa mung nggayuh 65,00. Adhedhasar andharan kasebut, panliti bakal nindakake panliten nggunakake metodhe dolanan peran. Metodhe dolanan peran bisa narik kawigaten siswa kang isih seneng dolanan saengga pasinaon basa Jawa luwih nyenengake. Kanthi metodhe bermain peran pasinaon unggah-ungguh basa bisa langsung dipraktekake ing pasrawungan saben dina lewat peran-peran paraga.

Adhedhasar lelandhesaning panliten, underaning panliten iki ana 2, yaiku (1) Kepriye anggone nindakake proses pasinaon micara basa krama alus siswa kelas VII-I SMP Negeri 2 Nganjuk migunakake metodhe dolanan peran, (2) Kepriye undhak-undhakan kawasisan micara basa krama alus siswa kelas VII-I SMP Negeri 2 Nganjuk migunakake metodhe dolanan peran. Tujuan sing pengin digayuh ing panliten, yaiku (1) kanggo mangerteni proses pasinaon micara basa krama alus siswa kelas VII-I SMP Negeri 2 Nganjuk migunakake metodhe dolanan peran, (2) kanggo ngandharake undhak-undhakan kawasisan micara basa krama alus siswa kelas VII-I SMP Negeri 2 Nganjuk migunakake metodhe dolanan peran. Panliten iki, diajab bisa menehi paedah kanggo: (1) ngundhakake kawasisan siswa micara basa krama alus ing pasrawungan saben dina, (2) variasi mulang para guru ing sekolahan, (3) kegiyatan pasinaon ing sekolah ngenani unggah-ungguh basa mligine basa krama alus luwih bisa nyenengake lan narik kawigaten siswa.

Tintingan kapustakan ngandharake tintingan panliten kang saemper, lan teori sarta konsep kang gegayutan karo underaning panliten yaiku katrampilan wicara, unggah-ungguh basa lan dolanan peran. Panliten iki nggunakake rancangan penelitian tindakan kelas sing kasusun saka rong siklus lan saben siklus kasusun saka patang tahap. Subjek panliten yaiku guru lan siswa kelas VII-I SMP Negeri 2 Nganjuk kang cacahe 32 siswa. Teknik pangumpulan dhata nggunakake teknik asil tes lan observasi. Teknik analisis dhata nggunakake dheskriptif lan persentase.

Asil panliten nudhuhake metodhe dolanan peran bisa ngundhakake kawasisan siswa    micara basa krama yaiku 66% ing siklus 1 dadi 84% ing siklus 2. Saliyane iku, ana undhak-undhakan  kagiatan siswa ing siklus 1 yaiku saka 15 kagiatan, sing tuntas namung 8 kagiatan, mundhak dadi 15 kagiatan sing tuntas ing siklus 2. Undhak-undhakan uga ana ing kagiatan guru yaiku 72% ing siklus 1 dadi 81% ing siklus 2.Dudutane, metodhe dolanan peran bisa ngundhakake kawasisan micara basa krama alus siswa kelas VII-I SMP Negeri 2 Nganjuk.

Published
2016-02-09
How to Cite
NIKMAH, K. (2016). METODHE DOLANAN PERAN KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN MICARA BASA KRAMA ALUS SISWA KELAS VII-I SMP NEGERI 2 NGANJUK. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 88
PDF Downloads: 147