NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS AKSARA LEGENA LAN SHANDANGAN SWARA KANTHI MODEL KOOPERATIF TIPE GROUP INVESTIGATION KELAS VII-C SMPN 6 NGANJUK TAUN PIWULANGAN 2015/2016

  • LILIK HENDARWATI

Abstract

Lilik Hendarwati, Drs. Bambang Purnomo, M.S

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

lilikhendarati@gmail.com

Abstrak

 

Panliten tindikan kelas kanthi model kooperatif tipe group investigasi kang katindakake ing kelas VII-C SMPN 6 Ngajuk iki kaleksanan amarga bijine siswa ing materi nulis akasara Jawa isih akeh kang sangisore KKM, model pasinaon kooperatif kang dipilih amarga ing kene siswa isa luwih aktif katimbang metode ceramah kang mbosenake. Mula underan saka panliten iki yaiku (1) Kepriye undhak-undhakan bijine siswa kelas VII-C SMP Negeri 6 Nganjuk sawise nggunakake model piwulangan kooperatif tipe grup investigation ?, (2) Kepriye owah-owahan tumindaking siswa kelas VII-C SMP Negeri 6 Nganjuk sawise nggunakake model piwulangan kooperatif tipe grup investigation ?, (3)Kepriye owah-owahan perilakuning guru kelas VII-C SMP Negeri 6 Nganjuk sawise nggunakake model piwulangan kooperatif tipe grup investigation ?. Tujuwan saka panliten iki yaiku (1) Ngandharake kawasisan undhak-undhakan bijine siswa kelas VII-C SMP Negeri 6 Nganjuk sawise nggunakake model piwulangan kooperatif tipe grup investigation, (2) Ngandharake owah-owahan perilakuning siswa kelas VII-C SMP Negeri 6 Nganjuk sawise nggunakake model piwulangan kooperatif tipe grup investigation, (3)Ngandharake owah-owahan perilakuning guru kelas VII-C SMP Negeri 6 Nganjuk sawise nggunakake model piwulangan kooperatif tipe grup investigation. Panliten iki nduweni paedah kanggo siswa, guru uga sekolah. Kanggo siswa bisa ngundhakake aktivitas siswa luwih greget anggone sinau basa Jawa. Kanggone guru bisa aweh gambaran marang guru supaya bisa migunakake model pasinaon kang luwih nemsemake sahingga siswa bisa lugih greget anggone sinau. Kanggone sekolah bisa kanggo ngupaya ngundhakake mutu pendhidhikan kanthi cara maksimalake modhel pasinaon kang dicakake ing saben piwulangan.

Panliten iki kalebu PTK (Panlite Tindakan Kelas). Arikunto (sajrone paizaluddin (2013:34) ngandarake yen tahapan saka PTK kaperang dadi patang tahapan, yaiku nyusun rencana (planning), tindakan (acting), pengamatan (observing), lan refleksi (reflecting). Tujuwan utama saka PTK yaiku kanggo ngundhakake praktik pamulangan kang sambung-sinambung, dene tujuwan liyane kanggo nuwuhake budaya nliti ing lingkungane para guru (mukhlis,2000:5). Panliten iki kaleksanan saka wulan agustus tumekane wulan september, saka ngrancang panliten nganthi nganakake siklus I lan siklus II. Asil saka siklus I yaiku pre-test ngasilake prosentase katuntasan 20% lan post-test 50%. Asil saka siklus II ngasilake biji pre-test 46% lan post-test 83,33%.Asil saka aktivitas siswa ing siklus I yaiku ngasilake jumlah 16 lan prosentase katuntasan 50% . Asil saka aktivitas siswa ing siklus II yaiku ngasilake jumlah 25 lan prosentase katuntasan 62,5%.Asil saka aktivitas guru ing siklus I yaiku ngasilake jumlah 27 lan prosentase katuntasan 75% . Asil saka aktivitas siswa ing siklus II yaiku ngasilake jumlah 32 lan prosentase katuntasan 80%. Mula panganggone model pasinaon kooperatif TGIbisa ngundhakake kawasisan nulis aksara Jawa ing kelas VII-C  ing  SMPN 6 Nganjuk.

Published
2016-02-09
How to Cite
HENDARWATI, L. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS AKSARA LEGENA LAN SHANDANGAN SWARA KANTHI MODEL KOOPERATIF TIPE GROUP INVESTIGATION KELAS VII-C SMPN 6 NGANJUK TAUN PIWULANGAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 36
PDF Downloads: 33