NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS SANDHANGAN AKSARA JAWA KANTHI METODHE  STUDENT TEAMS ACHIEVEMENT DIVISION (STAD) SISWA  KLAS VIII G SMP  NEGERI  2  PACE  KABUPATEN NGANJUK SEMESTER GANJIL TAHUN AJARAN 2015/2016

  • SUMIATI

Abstract

Sumiati, Prof. Dr. Murdiyanto, M. Hum.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Sumiati-didin@yahoo.co.id

Abstrak

Panliten nulis sandhangan aksara Jawa kerep ditindakake dening para guru.  Nanging panliten kasebut durung ana sing mligi ngenani nulis sandhangan aksara Jawa kanthi metodhe Student Teams Achievement Division  (STAD). Panliten kang wis tau ditindakake mung ngandharake motivasi siswa ing sajrone piwulangan nulis aksara Jawa. Adhedhasar bab kasebut, underane panliten, yaiku kepriye undhak-undhakane kaaktivan siswa, guru lan asil pasinaon. Tujuwan panliten iki, yaiku kanggo ngaweruhi undhak-undhakane kaaktivan siswa, guru lan asil pasinaon.

Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki yaiku Undang-Undang Sistem Pendidikan Nasional nomor 20 tahun 2003 njelasake tujuwan pendidikan nasional yaiku kanggo ngembangake potensi siswa supaya dadi manungsa sing iman lan taqwa marang Tuhan Yang Maha Kuasa, nduweni akhlak mulia, sehat, nduweni ilmu, cakap, kreatif, mandhiri, lan dadi warga negara sing demokratis sarta tangung jawab.

Sawise dienekake panliten nulis sandhangan aksara Jawa nganggo metodhe STAD, presentase siswa kang kasil pasinaon nambah saka 71,43% dadi 100%. Ateges asil pasinaon siswa ing jroning piwulangan bisa mundhak 28,5%. Kaaktivan siswa bisa mundhak 6,3% lan kaaktivan guru bisa mundhak 12,5%.

Published
2016-02-09
How to Cite
SUMIATI,. (2016). NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS SANDHANGAN AKSARA JAWA KANTHI METODHE  STUDENT TEAMS ACHIEVEMENT DIVISION (STAD) SISWA  KLAS VIII G SMP  NEGERI  2  PACE  KABUPATEN NGANJUK SEMESTER GANJIL TAHUN AJARAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 23
PDF Downloads: 25