NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMAKANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK SAKA MAJALAHPANJEBAR SEMANGAT TAHUN 2015 TUMRAP SISWA KELAS VIII FSMP NEGERI 1 GONDANG TULUNGAGUNG

  • SUPANJI

Abstract

Supanji, Prof. Dr. Udjang Pairin M. Basir, M.Pd
Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)
Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Surabaya
kangpanji15@gmail.com
ABSTRAK
Naskah drama minangka salah sawijining karya sastra saka jinis karya fiksi kang tujuwane kanggo
medharake pamawas lan pangrasa adhedhasar prastawa tartamtu. Pamulangan nulis naskah drama nduweni
kalungguhan kang penting sajrone kurikulum pendhidhikan tingkat SMP. Sajrone pamulangan nulis naskah drama
guru kudu bisa weneh tuladha kanthi apik lan bisa narik kawigatene siswa supaya bisa ditampa lan diremeni dening
siswa.
Asil observasi kang katindakake ing 10 Agustus 2015 cacahe ana 18 siswa saka 27 siswa kang ngrasa
kangelan sajrone pamulangan nulis naskah drama. Bab iki jalaran siswa durung ngerti tata cara nggawe naskah
drama, bingung nemtokake tema, garis besar naskah drama, lan crita naskah drama. Bab kasebut njalari siswa
kangelan sajrone nulis naskah drama, ditambah maneh kurange sumber pasinaon kang bisa dienggo arahan nulis
naskah drama kanthi basa Jawa. Underane panliten ing panliten iki yaiku: (1) Kepriye undhak-undhakane
katrampilan guru kelas VIII F SMPN 1 Gondang anggone nulis naskah drama lumantar rubrik Cerkak ing majalah
Panjebar Semangat?; (2) Kepriye undhak-undhakane aktivitas siswa kelas VIII F SMPN 1 Gondang anggone nulis
naskah drama lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat?; (3) Kepriye undhak-undhakane katrampilan
nulis naskah drama siswa kelas VIII F SMPN 1 Gondang lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat?
Ancas panliten iki, yaiku kanggo ngandharake undhak-undhakan kawasisan nulis naskah drama siswa kelas
VIII F SMPN 1 Gondang lumantar rubrik Cerkak ing Majalah Penjebar Semangat. Mligi tujuwan panliten iki, yaiku
(1) ngandharake undhak-undhakan katrampilan guru sajrone pamulangan nulis naskah drama lumantar rubrik
Cerkak ing majalah Panjebar Semangat, (2) ngandharake undhak-undhakan aktivitas siswa sajrone pamulangan
nulis naskah drama lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat, lan (3) ngandharake undhak-undhakan
asil pasinaon nulis naskah drama lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat.
Panliten iki katindakake ing rong siklus. Siklus I minangka pangetrapan pamulangan nulis naskah drama
lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat. Siklus II minangka tindakan revisi saka kurange siklus I
adhedhasar asil pengamatan lan observasi. Saben siklus kaperang saka patang tahap, yaiku (1) perencanaan
tindakan, (2) tindakan/implementasi, (3) observasi, lan (4) refleksi tumrap kagiyatan pamulangan.
Asil observasi lan tes sajrone pasinaon siswa kelas VIII F SMPN 1 Gondang ing siklus I menyang siklus II
ngalami undhak-undhakan kang signifikan. Asil observasi katrampilan guru ing siklus I ngasilake skor 22 kategori
cukup mundhak ing siklus II oleh skor 36 kanthi kanthi kategori apik banget. Aktivitas siswa ana undhak-undhakan,
saka rata-rata aktivitas siswa 13.4 kanthi kategori cukup Sajrone siklus I, mundhak dadi 22 ing siklus II kanthi
kategori apik. Katrampilan siswa nulis naskah drama mundhak, ing prasiklus ketuntasan pasinaon ngancik angka
33% biji rata-rata 59,1 , ing siklus I dadi 51,9%, kanthi biji rata-rata 66,5, lan prosentase ketuntasan sajrone siklus II
yaiku 81,5% kanthi biji rata-rata 80,1.
Dudutan pamulangan nulis naskah drama Kanthi Metodhe Dhiskusi lumantar Rubrik Cerita Cekak saka
Majalah Panjebar Semangat tahun 2015 tumrap Siswa Kelas VIII F SMPN 1 Gondang Tulungagung ngalami

Published
2016-02-09
How to Cite
SUPANJI,. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMAKANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK SAKA MAJALAHPANJEBAR SEMANGAT TAHUN 2015 TUMRAP SISWA KELAS VIII FSMP NEGERI 1 GONDANG TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 21
PDF Downloads: 33