NGUNDHAKAKE KAPRIGELAN NULIS SANDHANGAN AKSARA JAWA SISWA KELAS VII A MTS NEGERI PARE KANTHI MEDIA FLASH

  • MASRUROIN NURKHOTIMAH

Abstract

Masruroin Nurkhotimah, Latief Nurhasan, M. Pd.                                                                                    

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)                                                                                                         

Fakultas Bahasa dan Seni                                                                                                                                

Universitas Negeri Surabaya                                                                                                               

masruroin_n@yahoo.co.id

 

ABSTRAK

 

Panliten ngenani perkara kang njalari pasinaon basa Jawa ngenani nulis sandhangan aksara Jawa durung maremake. Saliyane kagyatan siswa isih kurang kang diweruhi saka anane pasinaon kang mangkono-mangkono wae. Guru uga durung tenanan anggone nganggo sarana kanggo nyampekake materi pasinaon. Kanggo ngundhakake pasinaon basa Jawa ing kelas VII A MTs Negeri Pare panliti migunakake medhia flash aksara Jawa ing pamulangan. Kanthi medhia iki siswa bisa sarana langsung ndeleng lan mraktekake kepriye panulisan sandhangan aksara Jawa. Media flash sing digawe ing pamulangan nulis sandhangan aksara Jawa iki kalebu minangka cara kang ngasilake utawa mbabarake pasinaon kanthi nganggo sawernane sumber kang abasis mikro-prosesor. Saka media iki dipikolehi seserepan utawa pasinaon kang kasimpen ing wujud dhata digital, ora mung tulis lan gambar. Werna aplikasi canggihe komputer iki ing pasinaon misuwur kanthi computer-assisted instruction utawa pasinaon kanti pitulungan komputer. Tampilane bisa dideleng saka cara nyuguhake pasinaon kanthi pira-pira set (tahap), gladhen kanggo nulung para siswa ngaweruhi seserepan kang sadurunge, dolanan lan latian uga kawruh liya kang bisa menehi pambiji tambah.

Undheran ing panliten iki yaiku “Kepriye tumindake siswa kelas VII A MTs Negeri Pare, keaktifan guru lan undhake kaprigelan nulis sandhangan aksara Jawa siswa sajrone pasinaon nulis sandhangan aksara Jawa kanthi media flash?” Ancase panliten iki kanggo ngundhakake kaprigelan nulis sandhangan aksara Jawa siswa kelas VII A MTs Negeri Pare kanthi media flash. Panliten iki nganggo rong siklus. Saben siklus duweni tahap ancangan, kalakon, observasi lan refleski. Paraga panliten iki siswa lan guru basa Jawa kelas VII A MTs Negeri Pare. Nganggo cara analisis kwalitatif lan deskriptif.

Saka asil panliten diweruhi manawa : (1) Kaprigelan guru ing siklus I nduweni pambiji 75 kalebu cukup, ing siklus II nduweni pambiji 93 kalebu apik banget. (2) Kagyatan siswa ing siklus I duweni pambiji kalebu 71 cukup, ing siklus II duweni pambiji 85 kalebu apik. (3) Kaprigelan nulis sandhangan aksara Jawa siswa ing siklus I duwe pambiji rata-rata 79 kalebu  cukup, ing siklus II duwe pambiji rata-rata 89,6 kalebu apik. (4) Katuntasan klasikal siswa siklus I mung 60 % lan ing siklus II mundhak dadi 84 %. Dudutan panliten iki yaiku kanthi media flash bisa nikelake kaprigelan guru ing pasinaon nulis sandhangan aksara Jawa, Kaprigelan siswa kelas VII A ing babagan nulis sandhangan Aksara Jawa bisa mundhak, Sahingga media flash bisa ngudhakake kaprigelan guru lan siswa ing pasinaon nulis sandhangan aksara Jawa.

Published
2016-02-09
How to Cite
NURKHOTIMAH, M. (2016). NGUNDHAKAKE KAPRIGELAN NULIS SANDHANGAN AKSARA JAWA SISWA KELAS VII A MTS NEGERI PARE KANTHI MEDIA FLASH. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 73
PDF Downloads: 15