NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAKCRITA PEWAYANGAN KANTHI MEDHIA COMPACT DISCSISWA KELAS IX A SMPN 2 PAKEL TULUNGAGUNG TAUN PAMULANGAN 2015-2016

  • MINTEN

Abstract

Minten, Dr. Surana, S. S. M. Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

 

Abstrak

 

Sajrone kagiyatan prasiklus ing kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung ditemokake saperangan perkara sajrone pamulangan mata pelajaran basa Jawa, mligine ing materi nyemak crita pewayangan. Cacahe mung 16,7% saka 30 siswa kang kasil nggayuh biji KKM. Guru kurang maksimal anggene ngetrapake katrampilan dhasar mulang nyemak crita pewayangan. Crita pewayangan minangka salah sawijining wujud sastra gancaran kang ngandharake nilai gesang kang wigati ing critane, anannging kurange kawigaten siswa marang crita pewayangan jalaran basa sajrone crita pewayangan kang angel dingerteni lan gaya pamulangan kang malehi njalari crita pewayangan ora disenengi siswa. Bab kasebut nyebabakake kurange katrampilan siswa sajrone nyemak crita pewayangan. Prelune anane sawijining medhia pamulangan kang bisa narik kawigatene siswa saengga siswa seneng sinau crita pewayangan lan bisa ndadekake siswa paham ngenani basa crita pewayangan. Mula saka kuwi medhia Compact Disc ditrepake sajrone pasinaon nyemak crita pewayangan supaya bisa narik kawigatene siswa ing pasinaon.

Adhedhasar landhesan panliten kasbeut, underane panliten, yaiku (1) kepriye undhak-undhakane katrampilan guru sajrone pasinaon nyemak crita pewayangan kanthi medhia Compact Disc ing kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung? (2) kepriye undhak-undhakane aktivitas siswa sajrone pasinaon nyemak crita pewayangan kanthi medhia Compact Disc ing kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung? (3) kepriye undhak-undhakane katrampilan nyemak siswa sajrone pasinaon nyemak crita pewayangan kanthi medhia Compact Disc ing kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung? Tujuwan panliten, yaiku; (1) ngerteni undhak-undhakane katrampilan guru sajrone pasinaon nyemak crita pewayangan kanthi medhia Compact Disc ing kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung, (2) ngerteni undhak-undhakane aktivitas siswa sajrone pasinaon nyemak crita pewayangan kanthi medhia Compact Disc ing kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung, lan (3) ngerteni undhak-undhakane katrampilan nyemak siswa sajrone pasinaon nyemak crita pewayangan kanthi medhia Compact Disc ing kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung.

Jinis panliten iki, yaiku panliten tindkaakne kelas kang kaperang saka telung siklus. Saben siklus kaperang saka petang tahapan, yaiku perencanaan, pelaksanaan, observasi, lan refleksi. Subjek panlitian yaiku guru lan siswa kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung. Tatacara pangumpule dhata nganggo teknik tes lan nontes arupa observasi. Anggone analisis dhata nganggo teknik analisis dhata kuantitatif tumrap asil tes lan teknik analisis dhata kualitatif tumrap asil observasi.

Asil analisis panliten nuduhake katrampilan guru ing siklus I kanthi skor 26 kategori apik. Sajrone siklus II mundhak kanthi cacah skor 31 kategori apik banget, lan ing siklus III mundhak maneh ana ing cacah 34 kanthi kategori apik banget. Aktivitas siswa ing siklus I kanthi rata-rata 13,1 kategori cukup. Sajrone siklus II mundhak dadi 16,06 kanthi kategori apik. Banjur ing siklus mundhak maneh ana ing kategori apik banget kanthi rata-rata skor 21,6. Asil pasinaon katrampilan nyemak crita pewayangan ing siklus I ngasilake biji rata-rata 64 kanthi kategori cukup. Sajrone siklus II mundhak dadi 77 kanthi kategori apik. Banjur ing siklus III mundhak dadi 84 kanthi kategori apik banget. Ketuntasan klasikal ing siklus I, yaiku 43%. Banjur mundhak ana ing siklus II kanthi cacah 77%. Pungkasane ing siklus III kasil nggayuh katuntasan klasikla 93%.

Adhedhasar asil panliten bisa didudut menawa pamulangan nyemak crita pewayangan kanthi medhia compact disc bisa ngundhakake katrampilan guru, aktivitas siswa, lasn asil pasinaon nyemak crita pewayangan siswa kelas IX A SMPN 2 Pakel Tulungagung. Paedah panliten iki, yaiku bisa weneh input marang sekolah sajrone proses ndandani pamulangan, saengga proses pamulangan bisa luwih efektif lan  mutu pasinaon ing sekolah bisa mundhak. Saran kanggo guru, yaiku supaya nerapake pamulangan kanthi medhia compact disc sajrone pamulangan pelajaran liyane supaya siswa luwih wigati lan remen marang pasinaon.

Published
2016-02-09
How to Cite
MINTEN,. (2016). NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NYEMAKCRITA PEWAYANGAN KANTHI MEDHIA COMPACT DISCSISWA KELAS IX A SMPN 2 PAKEL TULUNGAGUNG TAUN PAMULANGAN 2015-2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 18
PDF Downloads: 11