MODELING THE WAY  FLASH CARD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA SANDHANGAN SWARA SISWA KELAS 7A SMPN 5 TULUNGAGUNG

  • MUJI PURWATI

Abstract

MUJI PURWATI (13020114096), LATIEF NUR HASAN, S.Pd., M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Purwati.muji@yahoo.com

 

Abs trak

 

Adhedhasar asil observasi ing kelas 7 A SMPN 5 Tulungagung ditemokake saperangan perkara sajrone pasinaon mata pelajaran basa Jawa. Guru kurang maksimal anggene ngetrapake katrampilan nulis mligine nulis aksara Jawa. Sarta kurange modhel pasinaon lan medhia kang bisa narik kawigatene siswa. Bab kasebut nyebabakake kurange katrampilan siswa sajrone nulis aksara Jawa. Sajrone kagiyatan prasiklus 60% siswa durung bisa nggayuh katuntasan maksimal kang katemtokake jalaran siswa kangelan sajrone pasinaon aksara Jawa. Mula saka kuwi perlu anane sawijining modhel pamulangan lan medhia pamulangan kang bisa ndadekake siswa seneng lan bisa nulis aksara Jawa.

Adhedhasar lelandhesane panliten kasebut kang dadi underane panliten iki, yaiku (1) kepriye undhak-undhakan katrampilan guru sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa sandhangan swara lumantar Modheling the Way Flashcard , (2) kepriyen undhak-undhakan aktivitas siswa sajrone pasinaon nulis aksara Jawa lumantar Modheling the Way Flashcard , (3) kepriye undhak-undhakan asil pasinaon nulis aksara Jawa mawa sandhangan swara  lumantar Modheling the Way Flashcard. Tujuwan panliten, yaiku; (1) ngundhakake katrampilan guru sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa sandhangan swara lumantar Modheling the Way Flashcard , (2) ngundhakake aktivitas siswa sajrone pasinaon nulis aksara Jawa lumantar Modheling the Way Flashcard, lan (3) ngundhakake asil pasinaon siswa sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa sandhangan swara kanthi modhel pasinaon Modheling the Way Flashcard.

Panliten iki nggunakake metodhe panliten kuantitatif. Jinis panliten iki, yaiku panliten tindakan kelas kang kaperang saka rong siklus. Saben siklus kaperang saka petang tahapan, yaiku perencanaan, pelaksanaan, observasi, lan refleksi. Subjek panlitian yaiku guru lan siswa kelas 7  A SMPN 5Tulungagung.

Asil observasi katrampilan guru sajrone siklus I nuduhake menawa skor kang diolehake guru ngancik angka 28 kanthi rata-rata skor  2,54 kategori apik, banjur ing siklu II skor katrampilan guru ngancik ana ing skor 38 kanthi prosentase 3,45 kategori apik banget.  Asil observasi aktivitas siswa sajrone pasinaon siklus I nuduhake olehe skor cacah 27, rata-rata skor 67,5 kanthi kategori baik. Banjur ing siklus II kasil ngolehake skor cacah 34, rata-rata skor cacah 85 kanthi kategori apik banget. Katrampilan nulis aksara Jawa kanthi sandhangan swara ing sajrone siklus I rata-rata biji kang diolehake siswa, yaiku 72, ketuntasan klasikal 68,6%, lan kalebu ing kategori apik. Sajrone siklus II ngolehake skor rata-rata saben siswa cacah 82 kanthi prosentase ketuntasan klasikal kelas 7 A cacah 82,9% kalebu ing kategori apik

Adhedhasar asil panliten bisa didudut menawa pasinaon nulis aksara Jawa kanthi sandhangan swara lumantar Modheling the Way Flashcard bisa ngundhakake katrampilan guru, aktivitas siswa, lan asil pasinaon apresiasi siswa kelas 7 A SMPN 5 Tulungagung.

Published
2016-02-09
How to Cite
PURWATI, M. (2016). MODELING THE WAY  FLASH CARD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA SANDHANGAN SWARA SISWA KELAS 7A SMPN 5 TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 11
PDF Downloads: 16