MEDHIA DOLANAN ULAR TANGGA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS AKSARA JAWA KELAS VII-E SMPN 4 KERTOSONO TAUN PIWULANGAN 2015/2016

  • NAYU YUTI SUWARINI

Abstract

Nayu Yuti Suwarini, Dra Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

nayuyutisuwarini@yahoo.com

Abstrak

 

Guru minangka pendhidhik kudune bisa milih sumber pasinaon kanggo siswa kang pas karo kabutuhane siswa. Salah sawijine sumber pasinaon yaiku bahan ajar. Guru kudu bisa milih bahan ajar kang pas kanggo siswane, jalaran bahan ajar kasebut bisa nyengkuyung guru anggone nindakake kagiyatan pasinaon ing kelas. Bahan ajar utawa medhia ajar kang pas bisa ndadekake siswa luwih cepet ngerteni materi kang diandharake dening guru.

Panliten iki nduweni underan panliten, yaiku (1) Kepriye owah-owahan perilakuning siswa kelas VII-E SMPN 4 Kertosono sawisi nggunakake medhi dolanan ular tangga?, (2) Kepriye owah-owahan perilakuning guru kelas VII-E SMPN 4 Kertosono sawisi nggunakake medhia dolanan ular tangga?, (3) kepriye undhak-undhakan bijine siswa kelas VII-E SMPN 4 Kertosono sawisi nggunakake medhi dolanan ular tangga?. Tujuwan panliten kanggo ngandharake, (1) Ngandharake owah-owahan perilakuning siswa kelas VII-E SMPN 4 Kertosono sawisi nggunakake medhia dolanan ular tangga, (2) Ngandharake owah-owahan perilakuning guru kelas  VII-E SMPN 4 Kertosono sawisi nggunakake medhia dolanan ular tangga, (3) Ngandharake undhak-undhakan bijine siswa kelas VII-E SMPN 4 Kertosono sawisi nggunakake medhi dolanan ular tangga. Panliten iki nduweni paedah, yaiku (1) Kanggo Siswa asile panliten iki diajab bisa ngundhakake aktivitas siswa lan supaya siswa luwih greged anggone sinau,mligine ing piwulangan nulis Aksara Jawa (2) Kanggo Guru panliten iki bisa aweh gambaran marang guru supaya bisa migunakake sumber pasinaon kang luwih inovatif supaya siswa luwih greged anggone sinau. (3) Kanggo Sekolah panliten iki bisa aweh konstribusi tumrap sekolah kanggo ngupaya ngundhakake mutu pendhidhikan kanthi cara ngembangake sumbere pasinaon kang inovatif.

Panliten iki kalebu panliten tindakan kelas (PTK), mula ing panliten iki ngandharake asile pre-test, siklus I, lan siklus II ing kelas kang dadi subjek panliten, yaiku kelas VII-E SMPN 4 Kertosono. Asile prasiklus (pre-tes) kawasisan nulis mawa aksara Jawa, rata-rata bijine siswa ing klas VII-E SMPN 4 Kertosono yaiku 57,23, kanthi biji paling endhek 40, biji paling dhuwur 78, presentase durung tuntas 77% lan presentase tuntas 23%. Asil saka siklus I rata-rata bijine yaiku 73,63, kanthi biji paling endhek 56,25, biji paling dhuwur 87,5, presentase durung tuntas 31% lan presentase tuntas 69%. Asil saka siklus II rata-rata bijine yaiku 78,71, kanthi biji paling endhek 68,75, biji paling dhuwur 93,75, presentase durung tuntas 16% lan presentase tuntas 84%. Asile skor aktivitas siswa kang digayuh ing siklus I yaiku 18 kanti prosentase 56,13 %, lan asile skor aktivitas siswa kang digayuh ing siklus II yaiku 26 kanti prosentase 81,25%. Asile skor aktivitas guru kang digayuh ing siklus I yaiku 26 kanti prosentase 65 %, lan asile skor aktivitas guru kang digayuh ing siklus II yaiku 34 kanti prosentase 85%. Mula panganggone medhia dolanan ular tangga bisa ngundhakake kawasisan nulis aksara Jawa ing kelas VII-E SMPN 4 Kertosono.

Published
2016-02-09
How to Cite
YUTI SUWARINI, N. (2016). MEDHIA DOLANAN ULAR TANGGA KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS AKSARA JAWA KELAS VII-E SMPN 4 KERTOSONO TAUN PIWULANGAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 18
PDF Downloads: 22