UPAYA  NGUNDHAKAKE KAPRIGELAN NGGUNAKAKE BASA KRAMA LUMANTAR NULIS SURAT PRIBADI SISWA KELAS VIIIG SMPN 1 BESUKI TULUNGAGUNG

  • NUNUK DWI ERYANTI

Abstract

Nunuk Dwi Eryanti (13020114086), Dra. Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

pkbesuki@yahoo.com

 

Abstrak

Tembung wigati : Unggah-ungguh basa, Basa Krama, Nulis Surat Pribadi.

Nulis surat minangka sarana komunikasi sing awujut tulisan gunane kanggo medharake informasi marang pihak liyane. Surat minangka komunikasi pribadi kawangun adhedhasar maksud, tujuan, wujud, sasaran, lan sapanunggalane. Unggah-ungguh basa sing digunakake sajrone surat pribadi bakal nemtokake maksud lan tujuan sing dikarepake. Unggah- ungguh basa Jawa ora amung wigati nalika ana tindak tutur nanging uga wigati nalika manggon ing tulisan. Ing panliten iki ngupaya kanggo ningkatake unggah-ungguh siswa anggone basa marang wong tuwa lan mangun kewasisane siswa anggone nulis surat pribadi.

Underane panliten iki gegayutan karo ningkatake unggah-ungguh basa lumantar pasinaon nulis surat pribadi, yaiku: (1) kepriye tata cara guru sajrone ngundhakake ketrampilan unggah-ungguh basa Jawa lumantar pasinaon nulis surat pribadi siswa kelas VIIIG SMPN 1 Besuki ? (2) kepriye panampane siswa ing pamulangan unggah-ungguh basa Jawane siswa kelas VIIIG SMPN 1 Besuki sajrone pasinaon nulis surat pribadi ? lan (3) kepriye asile undhak-undhakane ketrampilan unggah-ungguh basa Jawa lumantar pasinaon nulis surat pribadi siswa kelas VIIIG SMPN 1 Besuki ? Tujuan panliten iki kanggo njlentrehake: (1) peran guru sajrone ngundhakake ketrampilan unggah-ungguh basa Jawa lumantar pasinaon nulis surat pribadi siswa kelas VIIIG SMPN 1 Besuki, (2) pangetrapane unggah-ungguh basa Jawane siswa kelas VIIIG SMPN 1 Besuki sajrone pasinaon nulis surat pribadi, (3) asile undhak-undhakane ketrampilan unggah-ungguh basa Jawa lumantar pasinaon nulis surat pribadi siswa kelas VIIIG SMPN 1 Besuki. Hipotesis tindakan lan rencana pemecahan masalah ing panliten iki, yaiku: “Kanthi ngetrapake nulis surat pribadi bisa ngundhakake kaprigelan nggunakake basa  krama tumrap siswa kelas VIIIG  SMPN 1 Besuki”.

Panliten iki nggunakake analisis dheskriptif kuantitatif yaiku analisis kanthi ndheskripsikake  asil  panliten kang  arupa  angka-angka yaiku analisis asil, observasi aktivitas guru lan siswa,analisis asil tes siswa. Persentase katuntasan pasinaon siklus 2 82,1%, kanthi siswa kang tuntas ana 23 saka cacah siswa 28 jalaran ana 2 siswa sing ora melu pasinaon. Asil data kasebut nuduhake yen kelas iki tuntas sacara klasikal, amarga persentase katuntasane 82,1% saka persentase katuntasaan klasikal kang ditemtokake dening SMPN 1 Besuki 75%. Bab iki nuduhake asile pasinaon kang nggunakake tipe nulis surat pribadi kasil ditindakake lan kabukten saka asile undhak undhakakan ketuntasan klasikal saka 50% mundhak dadi 82,1 %. Adhedhasar asile panliten nuduhake lumantar nulis surat pribadi bisa ngundhakake kaprielan nggunakake basa krama.

Published
2016-02-09
How to Cite
DWI ERYANTI, N. (2016). UPAYA  NGUNDHAKAKE KAPRIGELAN NGGUNAKAKE BASA KRAMA LUMANTAR NULIS SURAT PRIBADI SISWA KELAS VIIIG SMPN 1 BESUKI TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 51
PDF Downloads: 33