UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISWAN NULIS LAYANG PRIBADI KANTHI MODHEL KOOPERATIF TIPE STAD (SISWA KELAS 8A SMP NEGERI 2 WRINGINANOM)

  • RIANAH

Abstract

Rianah, Dra Suwarni, M.Pd.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Rianah5@yahoo.com

 

Abstrak

 

Ing donyane pendhidhikan akeh babagan kang kudu disinaoni, salah sijine ngenani basa. Sajrone sinau basa ana 4 katrampilan basa kang kudu disinaoni, antarane yaiku nulis. Siswa SMPN 2 Wringinanom minangka subjek panliten, kemampuan nulis aksara Jawa kang diduweni isih kurang kang dibuktekake saka asil biji siswa ana ing sangisore KKM. Bab iki disebabake cara pamulangan lan media kang dipilih monoton, lan media kang digunakake amung winates ing buku lan papan tulis. Adhedhasar cara pamulangan kasebut, Modhel Kooperatif Tipe STAD sajroning pasinaon nulis layang Pribadi kanggo ngundhakake  keaktivan siswa lan keaktivan guru SMP Negeri 2 Wringinanom

   Underaning Panliten yaiku (1) Kepriye undhak-undhakane asil pasinaon siswa sasajrone pasinaon nulis layang pribadi kanthi Modhel Kooperatif Tipe STAD (2) Kepriye undhak-undhakane keaktivan guru sasajrone pasinaon nulis layang pribadi kanthi Pendhekatan Kooperatif Tipe STAD(3) Kepriye undhak-undhakane keaktivan siswa sasajrone pasinaon nulis layang pribadi kanthi Modhel Kooperatif Tipe STAD kelas 8A SMP Negeri 2 Wringinanom?

                Tujuwane PanlitenAdhedhasar underane panliten ing ndhuwur, banjur bisa dingerteni tujuwane panliten, yaiku: (1) Ngandharake undhak-undhakaneasil pasinaon siswa sasajrone pasinaon nulis layang pribadi kanthi Modhel Kooperatif Tipe STAD. (2)Ngandharake undhak-undhakanekeaktivan guru sasajrone pasinaon nulis layang pribadi kanthi Pendhekatan Kooperatif Tipe STAD. (3) Ngandharake undhak-undhakanekeaktivan siswa sasajrone pasinaon nulis layang pribadi kanthi Modhel Kooperatif Tipe STAD kelas 8A SMP Negeri 2 Wringinanom.

            Langka-langkah utawa metode kang digunakake sajroning panliten yaiku nindakake pengamati menyang panggonan yaiku SMP Negei 2 Wringinanom, ngumpulake dhata siswa kanggo sample Panliten.” Anane pangetrapan Modhel Kooperatif Tipe STAD sajrone panliten iki dikarepake bisa narik kawigaten siswa lan aweh motivasi tumrap siswa. Guru uga bisa mbimbing siswa ngerteni cara nulis layang pribadi kang bener. Langkah iki dikarepake bisa ngowahi minat siswa nyinaoni basa Jawa mligine ing kawasisan ragam basa krama, saengga siswa bisa ngancik ketuntasan minimal sajrone pamulangan

Asil obesrvasi lan tes sajrone pasinaon siswa kelas VIII A SMPN 2 Wringinanom ing siklus I menyang siklus II ngalami undhak-undhakan kang signifikan. Asil observasi katrampilan guru sajrone siklus I oleh skor 32 kanthi kategori apik. Sajrone siklus II mundhak lan ngancik skor 41 kanthi kategori apik banget. Aktivitas siswa sajrone pamulangan nulis layang pribadi ing siklus I kanthi prosentase 73,3% kategori apik sajrone siklus II mundhak kanthi prosentase 88,89%  kategori apik banget. Asil pasinaon katrampilan nulis layang pribadi siswa ing siklus I rata-rata biji siswa, yaiku 70,2 kanthi ketuntasan pasinaon klasikal cacah 66,7%. Sajrone siklus II rata-rata bijine siswa, yaiku 79,6 kanthi ketintasan pasinaon klasikal cacah 92,3%

Published
2016-02-09
How to Cite
RIANAH,. (2016). UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISWAN NULIS LAYANG PRIBADI KANTHI MODHEL KOOPERATIF TIPE STAD (SISWA KELAS 8A SMP NEGERI 2 WRINGINANOM). JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 34
PDF Downloads: 13