NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016

  • S. YUNI PUSPITOSARI

Abstract

S. Yuni Puspitosari, Dr.Surana, S. S. M. Hum. 

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

 

Abstrak

 

Kawasisan para siswa ing babagan pasinaon basa jawa mligine geguritan (Ind. Puisi) ora padha. Bab-bab kaya ngono iku mau dumadi amarga tata carane olehe ngapresiasi geguritan kang beda-beda, polatan olehe maca, carane medharake isine geguritan kang beda-beda, banter lirihe suara, intonasine lan artikulasine (pocapane). Underane panliten iki yaiku 1) Kepriye carane guru njelasake? 2) Kepriye tangkepe siswa? 3) Kepriye undhak-undhakane kawasisan maca geguritan tumrap para siswa klas VII I SMP Negeri 1 Ngronggot, sawise migunakake metodhe pemodhelan? Panliten iki nduweni ancas kanggo ngundhakake kawasisan siswa, guru, lan kreativitas maca ing babagan pasinaon maca geguritan tumrap siswa SMP Negeri 1 Ngronggot kanthi ngggunakake metodhe pemodhelan.

Panliten iki dirancang dadi rong siklus yaiku siklus I lan siklus II kang kadadean saka rancangan, palaksanaan, observasi, refleksi. Langkah-langkah kang ditindakake ing siklus I lan siklus II sejatine padha, panliten ing siklus II minangka tindak lanjut saka panliten siklus I kang nduweni ancas kanggo nuntasake asile pasinaon.

             Asil saka panliten iki nuduhake yen pasinaon ditindakake kanthi metodhe pemodhelan bisa ngundhakake kawasisan maca geguritan tumrap siswa klas VII SMP Negeri 1 Ngronggot. Asile tes para siswa ing panliten siklus I yaiku skor siswa rata-rata 76%, siswa kang durung tuntas ana 11 lan sing wis tuntas ana 21 siswa (jumlah siswa kang tuntas 66%). Persentase aktivitas guru sajrone panliten ing siklus I mung antuk 62.5%, dene persentase aktivitas siswa ing siklus I antuk 55%.Asile panliten siklus I isih durung tuntas, amarga KKM ing SMP Negeri 1 Ngronggot minimal 75%.

             Asil tes para siswa ing panliten siklus II skor siswa rata-rata 80%, siswa kang durung tuntas ana 7 lan sing wis tuntas ana 25 siswa (jumlah siswa kang tuntas 78%). Persentase aktivitas guru sajrone panliten ing siklus II wis antuk 85%, dene persentase aktivitas siswa ing siklus IIuga mundhak dadi 82%

Published
2016-02-09
How to Cite
YUNI PUSPITOSARI, S. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA GEGURITAN KANTHI METODHE PEMODHELAN TUMRAP SISWA KLAS VII SMPN 1 NGRONGGOT TAUN AJARAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 32
PDF Downloads: 24