MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAWKANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI CERKAK SISWA KLAS VIII C MTs NEGERI MOJOSARI KABUPATEN MOJOKERTO

  • SOLIKHAH

Abstract

Solikhah, Dra. Hj. Sri Wahyu Widayati, M.Si

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Solikhah_fifa@yahoo.com

 

Abstrak

 

Materi kasusastran kalebu apresiasi cerkak minangka sarana mbangun watak/kapribaden lan budi pakertine para siswa, nanging racake para siswa durung bisa ngapresiasicerkak kanthi becik. Modhel piwulangan kooperatif jigsaw bisa paring pagaribawa kang positif tumrap pasinaon siswa mligine ing materi apresiasi cerkak. Para siswa bisa ganti-gumanti menehi kawruh saka pengalaman sinau ing klas. Wondene aktivitas guru,sajroning piwulangan guru minangka fasilitator lan siswa bisa luwih gampang anggone mangerteni materi kang disinaoni. Sahengga bisa dideleng anane undhakan asil pasinaon siswa ing piwulangan. Kabukten saka telung siklus kang katindakake dening panulis ana undhak-undhakan biji ing saben siklus.

Adhedhasar asil panliten diweruhi manawa kawasisan apresiasi cerkak siswa ing saben siklus saya mundhak. Siklus I kagayuh biji rata-rata klas 77,92, siklus II mundhak 83,67 lan ing siklus III 87,14. Sanajan ing siklus I ora kabeh siswa bisa tuntas, saka cacah 36 siswa kang tuntas mung 19 siswa. Nanging ing siklus II lan III ana undhakan kang positif, malah ing siklus III para siswa kang cacah 36 siswa bisa tuntas kabeh.

Published
2016-02-09
How to Cite
SOLIKHAH,. (2016). MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE JIGSAWKANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI CERKAK SISWA KLAS VIII C MTs NEGERI MOJOSARI KABUPATEN MOJOKERTO. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 16
PDF Downloads: 202