NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS GEGURITAN SISWA KELAS IX-3 SMP NEGERI 7 NGANJUK KANTHI MIGUNAKAKE METODHE KARYA WISATA

  • SRIANI

Abstract

Silih (Srani), Dra. Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Srianiani27@yahoo.co.id

Abstrak

 

Siswa nalika pasinaon nulis geguritan, langsung padha mbengok-mbengok, nggremeng lan kurang nduweni greget utawa semangat ing pasinaon. Alasane, siswa rumangsa kangelan golek idhe, nyusun tetembungan lan ora pati ngerti basa Jawa sing endah. Asile, nalika pasinaon siswa padha nggremeng, bingung, menga–mengo, lan malah ana sing guyonan karo kancane. Anggone nulis kudu nduweni inspirasi sing apik. Salah siji cara kanggo nuwuhake inspirasi yaiku pamilihan metodhe karya wisata. Metodhe karya wisata katindakake kanthi siswa diajak metu saka kelas lan nyawang langsung kahanan sak njabane kelas utawa menyang ing papan wisata.

Adhedhasar lelandhesaning panliten, underaning panliten iki ana 3, yaiku (1) Kepriye undhake keprigelan guru sajrone pasinaonan nulis geguritan siswa kelas IX-3 SMP Negeri 7 Nganjuk migunakake metodhe Karya Wisata, (2) Kepriye anggone nindakake proses pasinaonan nulis geguritan siswa kelas IX-3 SMP Negeri 7 Nganjuk migunakake metodhe Karya Wisata, (3) Kepriye undhak-undhakan kawasisan nulis geguritan siswa kelas IX-3 SMP Negeri 7 Nganjuk migunakake metodhe Karya Wisata. Tujuan kang pengin digayuh ing panliten, yaiku: (1) Kanggo mangerteni lan ngandharake proses pasinaonan nulis geguritan siswa kelas IX-3 SMP Negeri 7 Nganjuk migunakake metodhe karya wisata, (2) Kanggo mangerteni undhake keprigelane guru sajrone pasinaonan nulis geguritan siswa kelas IX-3 SMP Negeri 7 Nganjuk migunakake metodhe Karya Wisata, (3) Kanggo ngandharake undhak-undhakan kawasisan nulis geguritan siswa kelas IX-3 SMP Negeri 7 Nganjuk migunakake metode karya wisata.

Tintingan kapustakan ngandharake tintingan panliten kang saemper lan teori sarta konsep kang gegayutan karo underaning panliten yaiku katrampilan nulis, geguritan, lan metodhe karya wisata. Panliten iki nggunakake rancangan penelitian tindakan kelas sing kasusun saka rong siklus, saben siklus siklus kasusun saka patang tahap. Subjek panliten yaiku guru lan siswa kelas IX-3 SMP Negeri 7 Nganjuk sing cacahe 33 siswa. Teknik pangumpulan dhata nggunakake teknik tes lan observasi. Teknik analisis data nggunakake analisis dheskriptif lan persentase.

Asil sinau siswa saka metodhe karya wisata yaiku siklus 1, siswa sing tuntas ada 64% utawa 21 bocah, dene siklus 2 siswa sing tuntas 93% utawa 31 siswa. Undhak-undhakan uga dialami dening aktivitas guru saka 73% ing siklus 1 dadi 84% ing siklus 2. Aktivitas siswa sajrone pasinaon ngalami undhak-undhakan saka 70%  ing siklus 1 dadi 80 % ing siklus 2. Dadi bisa dijupuk dudutan, metode karya wisata bisa ngundhakake kawasisan nulis geguritan siswa kelas IX-3 SMP Negeri 7 Nganjuk.

Published
2016-02-09
How to Cite
SRIANI,. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS GEGURITAN SISWA KELAS IX-3 SMP NEGERI 7 NGANJUK KANTHI MIGUNAKAKE METODHE KARYA WISATA. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 21
PDF Downloads: 42