NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG

  • SITI NURRO'IF

Abstract

Siti Nurroif, Dr. Murdiyanto,M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

sitinurroif@gmail.com

Abstrak

Adhedhasar observasi ing SMPN I Rejotangan klas VIIIC diweruhi perkara kang tuwuh yaiku kurange kawasisan siswa sajrone nulis aksara Jawa mligine aksara murda lan pasangane. Asil pasinaon siswa ora bisa nggayuh KKM yaiku biji 75. Mula saka kuwi panliti nindakake panliten kanthi tujuwan ngundhakake kawasisan nulis aksara murda lan pasangane lumantar medhia animasi flash  siswa klas VIIIC SMPN I Rejotangan, Tulungagung taun ajaran 2015/2016. Panliten iki mujudake Panliten Tindakan Klas (PTK) kanthi urutan metodhe yaiku ancangan panliten, prosedur panliten, setting panliten, sumber dhata lan dhata panliten, instrumen panliten, tata cara ngumpulake dhata, tata cara pangolahe dhata lan indikator keberhasilan. Panliten iki kaperang dadi rong siklus, kang saben sikluse migunakake lembar tes asil pasinaon siswa, lembar observasi aktivitas siswa lan lembar observasi aktivitas guru. Ing pungkasan panliten ditemokake: (1) biji observasi aktivitas siswa siklus I yaiku 56,6 % lan siklus II yaiku 76,9%, (2) biji observasi aktivitas guru siklus I yaiku 61,6% lan siklus II yaiku 86,1%, (3) asil pasinaon siswa siklus I yaiku 73,1% kanthi siswa tuntas 16 siswa lan kang urung tuntas 14 siswa lan siklus II yaiku 85,6% kanthi siswa tuntas 26 siswa lan urung tuntas 4 siswa Adhedhasar biji kasebut diweruhi anane undha-undhakan kang signifikan ngenani kawasisan siswa nulis aksara murda lan pasangane. Siswa luwih penak ngiling-ngiling materi nulis aksara murda lan pasangane. Siswa luwih aktif sajrone  kagiyatan-kagiyatan pasinaon. Senama uga aktivitas guru katon luwih luwes lan trampil sarta kapenak ditampa amarga guru luwih tliti lan tlaten ngandharake materi nulis aksara murda lan pasangane lumantarmedhia animasi flash.                                                                                                                        

Published
2016-02-09
How to Cite
NURRO’IF, S. (2016). NGUNDHAKAKE KEWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN PASANGANE LUMANTAR MEDHIA ANIMASI FLASH SISWA KLAS VIII C SMPN I REJOTANGAN, TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 37
PDF Downloads: 35