NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG MACAPAT SISWA KLAS IX A SMP NEGERI 3 KEDUNGWARU KANTHI MODHEL PASINAON THINK TALK WRITE LUMANTAR MEDHIA GAMBAR TAUN AJARAN 2015/2016

  • SRI BINTARTI

Abstract

Sri Bintarti, Dr. Murdiyanto, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

bintartisri@ymail.com

Abstrak

 

Panliten iki nggunakake cara pasinaonan Think Talk Write, yaiku strategi kang nggunakake tembang pocung medhiane lan nuntut murid supaya nggoleki unsur intrinsik kang kinandhut ing sajerone tembang pocung. Panliten iki kalebu PTK amarga saben siklus ana patang tahapan, saengga nggunakake syintax (siklus). Panliten iki kaperang dadi 2 siklus. Ing saben patemon ana 4 tahapan kang kudu ditindakake, yaiku tahap ngrencanakake kegiyatan, nindakake kegiyatan, observasi lan refleksi. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif lan teknik ngumpulake data nggunakake observasi, tes lan lembar cathetan kanthi pangolahane data nggunakake kualitatif.

Asil panliten iki nuduhake yen asile pasinaon murid ing materi ngapresiasi tembang pocung saya ningkat sawise nggunakake modhel Think Talk Write. Kanthi biji katuntasan minimal 75 lan katuntasan kelas kudu nggayuh 75%. Ing siklus I ana 14 murid utawa 56% kang tuntas lan 11 murid utawa 44% durung tuntas. Ing siklus II murid kang tuntas dadi 20 murid utawa 80%, dene 5 murid utawa 20% durung tuntas. Ing siklus I persentase aktivitas guru 67.5% lan ing siklus kang pungkasan utawa siklus kang pungkasan utawa siklus II persentasine saya ningkat dadi 87.5%. aktivitase murid ing siklus I kasil nggayuh persentase 67.5% ing siklus II, persentasene saya ningkat dadi 85%. Anane owah – owahan ing asile evaluasi murid sarta aktivitas guru lan murid bisa disimpulkan yen modhel Think Talk Write bisa ningkatake kawasisan nulis tembang macapat murid kelas IX A SMP Negeri 3 Kedungwaru.

Published
2016-02-09
How to Cite
BINTARTI, S. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG MACAPAT SISWA KLAS IX A SMP NEGERI 3 KEDUNGWARU KANTHI MODHEL PASINAON THINK TALK WRITE LUMANTAR MEDHIA GAMBAR TAUN AJARAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 70
PDF Downloads: 88