NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA LAMBA TUMRAP SISWA KLAS IX G SMP NEGERI 1 PACE KHANTI METODHE CIRC (DIRECT INSTRUCTION) TAHUN AJARAN 2015 – 2016

  • SRI KATEMU

Abstract

Sri Katemu, Drs. Surana, S.S., M.Hum

Pendidikan Bahasa Dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa Dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

srikatemu@yahoo.com

 

Abstrak

 

Adhedhasar KTSP ketrampilan nulis Jawa kalebu salah sawijining ketrampilan kang kudu dikuwasani murid. Ing Standar Kompetensi (SK) lan Kompetensi Dasar (KD) uga wis dijlentrehake materi-materi kang diwenehake sajrone piwulangan Basa Dhaerah. Ketrampilan nulis kang diwulangake marang murid salah sijine yaiku nulis ukara. Panliten iki munjerake ing materi nulis ukara lamba, kelas IX G SMP Negeri 1 Pace. Murid kelas IX G kasebut minangka sumber data ing panliten iki, nduweni kawasisan kang kurang ing babagan nulis ukara lamba.

Panliten iki munjerake ing 5 masalah utama kang dadi punjere panliten, yaiku: 1) Kepriye mungguh panganggone modhel pembelajaran CIRC kanggo ningkatake asile pasinaon lan aktivitas murid sajrone piwulang nulis ukara lamba sajroning ukara? 2) Kepriye mungguh panggonane metode CIRC kanggo ningkatake asile pasinaon lan aktivitas murid sajrone piwulang nulis ukara lamba? 3) Apa kanthi nganggo modhel piwulang langsung bisa ningkatake asile pasinaon lan aktivitas murid kelas IX G SMP Negeri 1 Pace sajrone piwulang nulis ukara lamba? 4) Apa nganggo metodhe CIRC bisa ningkatake sile pasinaon lan aktivitas murid kelas IX G SMP Negeri 1 Pace sajrone piwulang nulis ukara lamba? 5) Apa kanthi nganggo pamulangan langsung piwulang nulis ukara lamba iku bisa ningkatake aktivitas guru?

Tujuan kang pengen digayuh saka panaliten iki, yaiku: 1) Ngandharake mungguh pangganggone modhel pembelajaran langsung kanggo ningkatake asile pasinaon lan aktivitas murid sajrone piwulang nulis ukara lamba; 2) Ngandharake mungguh pangganggone pamulangan langsung kanggo ningkatake asile pasinaon lan aktivitas murid sajrone piwulang nulis ukara lamba; 3) Ngandharake kanthi nganggo modhel piwulang langsung bisa ningkatake asile pasinaon lan aktivitas murid kelas IX G SMP Negeri 1 Pace sajrone piwulang nulis ukara lamba; 4) Ngandharake kanthi nganggo pamulangan langsung bisa ningkatake asile pasinaon lan aktivitas murid kelas IX G SMP Negeri 1 Pace sajrone piwulang nulis ukara lamba; 5) Ngandharake kanthi nganggo piwulang langsung ing piwulang nulis ukara lamba iku bisa ningkatake aktivitas guru.

Panliten iki diajab bisa menehi paedah tumrap murid, guru, lan sekolah. Paedah mau ing antarane: 1) proses piwulang Basa Jawa ora monoton maneh; 2) ditemokake strategi piwulang kang trep, ora konvensional, nanging variatif; 3) murid dadi luwih aktif sajrone nindakake tugas pribadi utawa klompok; 4) murid luwih wani ngandharake panemune lan ngajokake pitakon; lan 5) asile piwulang/ pasinaone murid lan kualitas piwulang Basa Jawa saya apik.

Panliten iki nggunakake modhel pamulangan langsung, yaiku modhel pamulangan kang munjer ing guru lan luwih ngutamakake strategi pamulangan efektif guna njembarake informasi materi ajar. Panliten iki kalebu PTK saengga nggunakake syntax (siklus). Panliten iki kaperang dadi 2 siklus kanthi sapatemon saben sikluse. Ing saben patemon ana 4 tahapan kang kudu ditindakake, yaiku tahap ngrencanakake kegiatan, nindakake kegiatan, observasi, lan refleksi. Panliten iki nggunakake metode deskriptif kuantitatif lan teknik ngumpulake data nggunakake observasi, tes, lan lembar cathetan kanthi pangolahe data nggunakake statistik deskriptif.

Published
2016-02-09
How to Cite
KATEMU, S. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS UKARA LAMBA TUMRAP SISWA KLAS IX G SMP NEGERI 1 PACE KHANTI METODHE CIRC (DIRECT INSTRUCTION) TAHUN AJARAN 2015 – 2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 22
PDF Downloads: 18