NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA SISWA KELAS VIII B SMPN 3 NGUNUT KANTHI DOLANAN KARTU TEBAK AKSARA TAUN PAMULANGAN 2015/2016

  • SRI RUMINI

Abstract

SRI RUMINI (13020114094),  Prof. Dr. UDJANG PAIRIN M. BASIR, M.Pd

Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

sriruminie@gmail.com

ABSTRAK

Adhedhasar KTSP ketrampilan nulis Jawa klebu salah sawijine ketrampilan kang kudu dikuwasani murid. Panliten iki munjerake ing materi nulis aksara Jawa kanthi sandhangan swara, kelas VIII B SMP Negeri 3 Ngunut. Murid kelas VIII B kasebut minangka sumber data ing panliten iki, nduweni kawasisan kang kurang ing babagan nulis aksara Jawa kanthi sandhangan swara.

Undheraning panliten iki yaiku kepriye ngundhakake ketrampilan guru, aktivitas siswa lan ngundhakake pasinaon siswa ing sajrone piwulangan nulis aksara Jawa nganggo sandhangan swara. Tujuwan panliten iki yaiku ngandharake undhak – undhakane keaktifan guru, siswa lan undhakake asi pasinaon. Manfaat panliten iki yaiku kanggo panliti dhewe, kanggo guru lan kanggo siswa.

Panliten iki nggunakake teknik permainan tebak aksara yaiku metode kang nggunakake kartu minangka medhiane lan nuntut murid supaya bisa nulis aksara Jawa kanthi sandhangan swara. Panliten iki kaperang dadi 2 siklus kanthi sapatemon saben sikluse. Ing saben patemon ana 4 tahapan kang kudu ditindakake, yaiku tahap ngrencanakake kegiatan, nindakake kegiatan, observasi, lan refleksi. Panliten iki nggunakake metode deskriptif kuantitatif lan teknik ngumpulake data nggunakake observasi, tes, lan lembar cathetan kanthi pangolahe data nggunakake statistik deskriptif.

Asile panliten iki nuduhake yen asile piwulangan murid ing materi nulis aksara jawa kanthi sandhangan swara saya ningkat sawise digunakake teknik permainan tebak aksara. Kanthi biji katuntasan minimal 70 lan katuntasan kelas kudu nggayuh 80%, ing siklus I ana 15 murid kang tuntas, dene 19 murid kang durung tuntas. Rata – rata klas kang digayuh yaiku 69,7% lan persentase ketuntasan maksimal nggayuh 55,9%. Ing siklus II murid kang tuntas dadi 28 murid, dene 6 murid durung tuntas. Rata – rata klas nggayuh 80,08%. Aktivitase guru ing siklus I mung antuk persentase 63.3%, ing siklus kang pungkasan utawa siklus II persentasine saya ningkat dadi 81.67%. Aktivitase murid ing siklus I mung kasil nggayuh persentase 57.5%, lan ing siklus II, persentasene saya ningkat dadi 82.5%. Anane owah-owahan ing asile evaluasi murid sarta aktivitas guru lan murid bisa disimpulake yen teknik permainan tebak aksara bisa ningkatake kawasisan nulis aksara Jawa kanthi aksara swara murid kelas VIII B SMP Negeri 3 Ngunut.

Published
2016-02-09
How to Cite
RUMINI, S. (2016). NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA KANTHI SANDHANGAN SWARA SISWA KELAS VIII B SMPN 3 NGUNUT KANTHI DOLANAN KARTU TEBAK AKSARA TAUN PAMULANGAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 79
PDF Downloads: 48