NGECAKAKE TEKNIK TEKA-TEKI SILANG KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGGUNAKAKE RAGAM BASA KRAMA SAJRONE KATRAMPILAN WAWANCARA SISWA KELAS VIII C SMP NEGERI 1 PATIANROWO NGANJUK

  • SULIKANAH

Abstract

Sulikanah, Dra. Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

sulikanah94@gmail.com

Abstrak

 

Adhedhasar asil panliten prasiklus ing kelas VIII C SMPN 1 Patianrowo Nganjuk ditemokake perkara sajrone pasinaon micara ing katrampilan wawancara. Sebabe, kurange teknik pasinaon kang bisa narik kawigatene siswa. Mula saka iku, panliten ngecakake teknik teka-teki silang kanggo ngundhakake kawasisan micara basa krama ing katrampilan wawancara.

Adhedhasar landhesane panliten, underane panliten yaiku (1) kepriye undhak-udhakane aktivitas guru sajrone pasinaon kawasisan micara wawancara ragam basa krama lumantar teknik TTS, (2) kepriye undhak-undhakan aktivitas siswa sajrone pasinaon kawasisan micara wawancara ragam basa krama lumantar teknik TTS, lan (3) kepriye undhak-undhakan katrampilan nggunakakae ragam basa krama sajrone pasinaon kawasisan micara wawancara ragam basa krama lumantar teknik TTS. Tujuwan saka panliten iki, yaiku; (1) ngandharake undhak-undhakan katrampilan guru sajrone pasinaon kawasisan micara wawancara ragam basa krama, (2) ngandharake undhak-undhakan aktivitas siswa sajrone pasinaon kawasisan micara wawancara ragam basa krama lumantar teknik TTS, lan (3) ngandharake undhak-undhakan asil pasinaon siswa sajrone pasinaon kawasisan micara wawancara ragam basa krama.

Tintingan kapustakan ngandharake tintingan panliten kang saemper lan teori sarta konsep kang gegayutan karo underaning panliten yaiku kawasisan, tetembungan, ragam krama, teknik TTS, micara, wawancara. Panliten iki nggunakake rancangan panliten tindakan kelas kang kaperang saka rong siklus. Saben siklus kaperang saka petang tahapan. Subjek panlitian yaiku guru lan siswa kelas VIII C SMPN 1 Patianrowo Nganjuk. Tata cara pangumpulane dhata, nggunakake tenik tes lan teknik observasi. Analisis dhata nggunakake analisis dhata kualitatif (dhata asil observasi) lan analisis dhata kuantitatif (dhata asil tes).

Asil observasi katrampilan guru sajrone siklus I nuduhake menawa biji 70 mundhak dadi 93 ing siklus 2. Asil katrampilan siswa ing siklus 1 oleh biji 53 mundhak dadi 80. Asil tes katrampilan micara wawancara siswa, prasiklus ngolehake biji rata-rata 57,96. Banjur sajrone siklus I rata-rata biji 72,59 lan siklus II ngolehake skor rata-rata 81,3 kanthi ketuntasan klasikal 81,48% (22 siswa tuntas) saka total 27 siswa. Adhedhasar asil panliten, pasinaon katrampilan micara wawancara ragam basa Jawa krama kanthi teknik TTS bisa ngundhakake katrampilan guru, aktivitas siswa, lan asil pasinaon siswa kelas VIII C SMPN 1 Patianowo Nganjuk.

Published
2016-02-09
How to Cite
SULIKANAH,. (2016). NGECAKAKE TEKNIK TEKA-TEKI SILANG KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NGGUNAKAKE RAGAM BASA KRAMA SAJRONE KATRAMPILAN WAWANCARA SISWA KELAS VIII C SMP NEGERI 1 PATIANROWO NGANJUK. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 40
PDF Downloads: 28