MODHEL PASINAON LANGSUNG KANTHI MEDIA VIDEO KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA ENDAH GEGURITAN SISWA KELAS VII A SMPN 2 KERTOSONO KABUPATEN NGANJUK

  • INDYAH HERMINIATI

Abstract

Indyah Herminiati, Latif  Nur Hasan, S.Pd., M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Herminiati63@gmail.com

Abstrak

Pasianon maca endah sastra mligine geguritan angel ditampa dening siswa. Angele nampa pasinaon kasebut, jalaran sajrone geguritan nggunakake basa kang endah. Saliyane endah, geguritan nengenake rasa pangrasa kang luwih premati. Kahanan dialami dening siswa kelas VII A SMPN 2 Kertosono Kabupaten Nganjuk. Siswa ing kelas kasebut, kawentar paling rame lan angel diajak tenanan anggone sinau. Mula saka iku, kudu nggunakake modhel pasinaon sing trep supaya bisa narik kawigatene siswa kasebut. Salah sijine cara kanggo ngatasi siswa kasebut, panliti nggunakake pasinaon langsung kanthi media video. Anggone nyetel video bisa narik kawigatene siswa nyemak pasinaon maca endah geguritan.

Adhedhasar lelandhesaning panliten, underaning panliten iki ana 2, yaiku (1) Kepriye aktivitas siswa kelas VII A SMPN 2 Kertosono Kabupaten Nganjuk nalika nindakake pasinaon maca endah geguritan migunakake modhel pasinaon langsung kanthi media video? (2) Kepriye aktivitas guru nalika nindakake pasinaon maca endah geguritan migunakake modhel pasinaon langsung kanthi media video? (3) Kepriye undhak-undhakane kawasisasn maca endah geguritan siswa kelas VII A SMPN 2 Kertosono Kabupaten Nganjuk migunakake modhel pasinaon langsung kanthi media video? Tujuan sing pengin digayuh ing panliten yaiku (1) Kanggo mangerteni aktivitas siswa kelas VII A SMPN 2 Kertosono Kabupaten Nganjuk nalika nindakake pasinaon maca endah geguritan migunakake modhel pasinaon langsung kanthi media video. (2) Kanggo mangerteni aktivitas guru nalika nindakake pasinaon maca endah geguritan migunakake modhel pasinaon langsung kanthi media video. (3) Kanggo mangerteni undhak-undhakane kawasisasn maca endah geguritan siswa kelas VII A SMPN 2 Kertosono Kabupaten Nganjuk migunakake modhel pasinaon langsung kanthi media video.

Tintingan kapustakan ngandharake tintingan panliten kang saemper lan teori sarta konsep kang gegayutan karo underaning panliten yaiku maca endah, geguritan, modhel pasinaon langsung lan media video. Panliten iki nggunakake rancangan panliten tindakan kelas sing kasusun rong siklus lan saben siklus ana sakpertemuan. Subjek panliten yaiku guru lan siswa kelas VII A SMPN 2 Kertosono Kabupaten Nganjuk kang cacahe ana 32 siswa. Teknik pangumpulan dhata nggunakake teknik asil tes lan observasi. Teknik analisis dhata nggunakake dheskriptif lan persentase.

Asil panliten nudhuhake ana undhak-undhakan kagiatan siswa. Ing siklus 1, ana 7 saka 12 kagiatan sing tuntas mundhak dadi 12 kegiatan sing tuntas siklus 2. Kagiatan guru uga ana undhak-undhakan. Saka 72% ing siklus 1 mundhak dadi 78% ing siklus 2. Undhak-undhakan kasebut, njalari undhak-undhakan asil pasinaon siswa yaiku 72% dadi 78%. Dudutane, modhel pasinaon langsung kanthi media video bisa ngundhakake kawasisan maca endah geguritan siswa kelas VII A SMPN 2 Kertosono Kabupaten Nganjuk.

Published
2016-02-09
How to Cite
HERMINIATI, I. (2016). MODHEL PASINAON LANGSUNG KANTHI MEDIA VIDEO KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN MACA ENDAH GEGURITAN SISWA KELAS VII A SMPN 2 KERTOSONO KABUPATEN NGANJUK. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 61
PDF Downloads: 30