NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS TEKS PAWARTA LUMANTAR MEDHIA FOTO SAWENEHE KAGIYATAN  SISWA KLAS VII D SMPN SUKOMORO TAUN PAMULANGAN 2015/ 2016

  • SURYANI

Abstract

Suryani, Dr. Murdiyanto, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

sur.yani7684@gmail.com

Abstrak

Pawarta minangka salah sawijining perangan kanggo ngandharake informasi kang dumadi kanthi urutan tartamtu. Pamulangan nulis mligine nulis teks pawarta nduweni kalungguhan kang penting sajrone kurikulum pendidikan. kanthi mligi, tujuwan panliten iki, yaiku (1) ngandharake undhak-undhakan asil pasinaon siswa sajrone pamulangan nulis teks pawarta kanthi medhia foto prastawa., (2) ngandharake undhak-undhakan aktivias siswa sajrone pamulangan nulis teks pawarta kanthi medhia foto prastawa, lan (3) ngandharake undhak-undhakan aktivitas guru sajrone pamulangan nulis teks pawarta kanthi medhia foto saweneh kagiyatan.

Asil observsai lan tes sajrone panliten iki, kaandharake kanthi asil pasinaon siswa ing prasiklus biji rata-rata kang diolehake siswa, yaiku 57,3 kanthi 8 siswa saka 32 siswa kang tuntas. Sajrone siklus I, yaiku skor rata-rata siswa dadi 64,95 kanthi 16 siswa (50%) kang kasil tuntas kanthi ngolehake skor >75. Sajrone siklus II siswa kasil ngolehake skor rata-rata 77,86 kanthi cacah 26 siswa (81%) kang tuntas sajrone pasinaon nulis teks pawarta. Aktivitas siswa sajrone pamulangan siklus I siswa kasil ngolehake skor total 25 kanthi rata-rata 3.12 kalebu ing kategori “apik”. Sajrone siklus II aktivitas siswa kasil ngolehake skor 31 kanthi rata-rata 3,9. Tumrap aktivitas guru sajrone siklus I aktivitas guru kasil ngolehake skor 36 kanthi skor rata-rata 3 lan kalebu ing kategori “cukup”. Sajrone siklus II aktivitas guru ngasilake skor 47 kanthi rata-rata skor 3,92 lan kalebu ing kategori “apik”.

Dudutan panliten, pamulangan nulis teks pawarta kanthi medhia foto sawenehe kagiyatan siswa kelas VII D SMPN 1 Sukomoro ngalami undhak-undhakan, saka siklus I menyang siklus II lan bisa diarani kasil amarga indikator sajrone pamulangan wis kasil kagayuh.

Published
2016-02-09
How to Cite
SURYANI,. (2016). NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS TEKS PAWARTA LUMANTAR MEDHIA FOTO SAWENEHE KAGIYATAN  SISWA KLAS VII D SMPN SUKOMORO TAUN PAMULANGAN 2015/ 2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 129
PDF Downloads: 1384