MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA) SISWA KELAS VIII G SMPN 5 TULUNGAGUNG

  • SUSILA ANINGSIH

Abstract

SUSILA ANINGSIH (13020114095), Drs. BAMBANG PURNOMO, M.S

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

ABSTRAK

Tembung kang wigati: Kooperatif, STAD, Pasangan ka, ta, la

Siswa kurang greget sinau nulis aksara Jawa jalaran nduweni pamawas menawa nulis aksara Jawa iku angel, saengga kompetensi siswa ora bisa dimaksimalake. Faktor metode penyajian lan evaluasi asil sinau raket gayute karo greget sinau siswa. Saliyane iku, isih akeh guru Basa Jawa kurang variatif anggone mulang. Saka asil pangamatan pasinaon diweruhi anane perkara kang tuwuh yaiku siswa kurang trampil sajrone nulis aksara Jawa. Separo luwih siswa saka kelas VIII G ora bisa nggayuh KKM, saengga ketuntasan klasikal uga ora bisa kagayuh.

Pasinaon nggunakake Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD kanggo narik kawigaten siswa supaya luwih kreatif, nuwuhake rasa pengen weruh, lan blajar dadi tutor sebaya saengga kanca-kancane sing durung ngerti lan paham tata aturan panulise pasangan ka, ta, la bakal luwih penak lan jenak anggone nggatekake. Underane panliten yaiku: (1) Kepriye undhake aktivitas siswa kelas VIII G SMPN 5 Tulungagung sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa pasangan ka, ta, la lumantar Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD?, (2) Kepriye undhake aktivitas guru sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa pasangan ka, ta, la siswa kelas VIII G SMPN 5 Tulungagung lumantar Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD?, (3) Kepriye undhake asil sinau siswa kelas VIII G SMPN 5 Tulungagung sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa pasangan ka, ta, la lumantar Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD? Dene tujuwan panliten yaiku: (1) Ngasilake deskripsi undhake aktivitas siswa kelas VIII G SMPN 5 Tulungagung sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa pasangan ka, ta la lumantar Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD, (2) Ngasilake deskripsi undhake aktivitas guru sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa pasangan ka, ta, la siswa kelas VIII G SMPN 5 Tulungagung lumantar Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD, lan (3) Ngasilake deskripsi undhake asil sinau siswa kelas VIII G SMPN 5 Tulungagung sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa pasangan ka, ta, la lumantar Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD.

Modhel pasinaon kang digunakake nduweni paedah tumrap guru, siswa, lan sekolah. Paedah tumrap guru : (1) Menehi masukan ngenani teknik pasinaon kang luwih inovatif, (2) Ngundhakake profesionalisme, (3) Bisa weneh katrangan saakeh-akehe, (4) Ngundhakake keaktifan siswa sajrone pasinaon. Paedah tumrap siswa : (1) Ngrembakakake katrampilan mikir, ngrumusake masalah lan katrampilan intelektual, (2) Nemokake strategi pemecahan masalah, (3) Bisa nyimpulake saka asil ngrampungake perkara pasinaon, (4) Bisa ngevaluasi lan milah-milah asil diskusi. Paedah tumrap sekolah : (1) Mutu pendhidhikan mundhak kanthi anane guru kang ngundhakake kuwalitas pasinaon, (2) Mutu pendhidhikan mundhak kanthi anane biji asil sinau siswa mundhak, (3) Bisa weneh inovasi pasinaon kang aktif, kreatif, lan nyenengake.

Teknik kang digunakake kanggo panglumpuke dhata yaiku observasi lan tes. Pangamatan kang ditindakake ngenani aktivitas siswa lan aktivitas guru. Tes kang digunakake arupa tes gaweane guru kang ditindakake kaping pindho kanthi nggunakake teknik pasinaon kooperatif tipe STAD. Dhata diklumpukake adhedhasar jinise supaya nggampangake anggone ngecek ing mengkone, banjur dianalisis nggunakake analisis deskriptif kuantitatif kanthi rumus tartamtu. Sabanjure nindakake interpretasi asil analisis, kanthi narik dudutan lan intisari saka sakabehe tahapan ing panliten kang dilakoni.

Efektifitas Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD bisa diweruhi saka asil biji siswa sajrone 2 siklus, uga saka asil observasi aktivitas siswa lan aktivitas guru. Siklus 1 ditindakake 12 Agustus 2015 kanthi biji rata-rata kelas 64,8 lan ketuntasan klasikal 50%. Persentase aktivitas guru 70% lan siswa 57,5%. Isih mbutuhake tindak lanjut, banjur nindakake siklus 2 nalika 19 Agustus 2015. Ing siklus 2 biji rata-rata kelas 79,8 lan ketuntasan klasikal 82,1%. Persentase aktivitas siswa 75%, lan guru 78,3%. Saka asil kang diolehi kasebut nuduhake Model Pembelajaran Kooperatif tipe STAD bisa ngundhakake katrampilan siswa sajrone pasinaon nulis aksara Jawa mawa pasangan ka, ta, la. Kabukten, biji siswa bisa nggayuh KKM yaiku biji paling thithik 75 lan ketuntasan klasikal kang ditemtokake yaiku siswa kang bisa nggayuh KKM paling thithik 75%.

Published
2016-02-09
How to Cite
ANINGSIH, S. (2016). MODEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STAD KANGGO NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS AKSARA JAWA MAWA PASANGAN (KA,TA, LA) SISWA KELAS VIII G SMPN 5 TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 15
PDF Downloads: 12