NGUNDHAKAKE KEWASISAN NGGUNAKAKE RAGAM BASA KRAMA SAJRONE  WAWANCARA LUMANTAR METODHE ROLE PLAYING SISWA KELAS 8A ING SMPN 5 TRENGGALEK

  • TUTIK PURNOMO RESTYANI

Abstract

TUTIK PURNOMO RESTYANI ,Prof.Dr.UDJANG Pr. M. BASIR,M.Pd

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH (JAWA)

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Tutik.purnomo@yahoo.co.id

ABSTRAK

Unggah-ungguh basa mujudake salah sawijining kabudayan kang penting. Semana uga basa Jawa kang mujudake bageyan saka kabudayan Jawa. Katrampilan wicara Jawa ragam krama dirasa kurang apik kahanane, amarga para nom-noman arang banget nggunakake basa krama nalika bebrayan saben dina. Adhedhasar panliten ing SMPN 5 Trenggalek ditemokake menawa nalika pasinaon basa Jawa, siswa ngrasa kangelan nalika wicara ragam basa krama. Siswa ngalami kangelan wicara basa krama amarga saben dina ora tau nggunakake basa krama. Tujuwan panliten iki kanggo ngundhakake katrampilan guru, aktivitas siswa, lan katrampilan siswa sajrone pamulangan micara wawancara ragam basa  basa karma  kanthi metodhe Role Playing ing siswa kelas 8A SMPN 5 Trenggalek taun pamulangan 2015-2016.

Panliten iki minangka Panliten Tindakan Kelas (PTK). Subjek panliten sajrone panliten iki, yaiku siswa kelas 8A SMPN 5 Trenggalek cacahe ana 32 siswa kaperang saka 18 siswa lanang lan 14 siswa wadon. Panliten iki bakal ngrembug ngenani undhake aktifitase guru, undhake aktivitas siswa, undhak-undhakane pasinaon siswa ing katrampilan wicara wawancara ragam basa krama lumantar metodhe Role Playing siswa kelas 8A SMPN 5 Trenggalek. Sumber dhata kang digunakake yaiku saka asil tes lan observasi kang kajlentrehake ana ing lembar evaluasi lan lembar observasi. Teknik kang dienggo, yaiku teknik tes lan observasi. Tata cara analisis dhata sajrone panliten iki nggunakake analisis dhata kuantitatif. Proses panliten katindakake kanthi rong siklus. Saben siklus katindakake ing sapertemuan kanthi patang tahap, yaiku: (1) ngrancang pamulangan, (2)  nindakake pamulangan, (3) observasi, lan (4) refleksi. Hipotesis panliten Metodhe role playing  bisa ngundhakake kaprigelane siswa sajrone ngetrapake ragam basa krama sajrone wawancara siswa SMPN 5 Treenggalek. Metodhe role playing minangka cara pasinaon kang efektif jalaran sinau kang dibarengi karo praktek.

Adhedhasar asil panliten, didudut menawa metodhe Role Playing bisa ngundhakake katrampilan micara ragam  basa krama siswa kelas VIII SMPN 5 Trenggalek, bisa didudut menawa katrampilan mulang guru, aktivitas siswa, lan katrampilan micara ragam  basa kramasiswa ngalami undhak-undhakan ing saben sikluse. Katrampilan guru sajrone nindakake pasinaon ana ing siklus I kasil ngolehake cacah skor 32, kanthi prosentase 65.4% kategori kurang. Banjur ing siklus II kasil mundhak kanthi ngolehake cacah skor 39, prosentase 81,2% kategori apik. Aktivitas siswa, saka pengamatan adhedhasar kasepuluh indikatore sajrone kagiyatan pasinaon ing siklus I prosentase 58,8% kategori cukup. Banjur ing siklus II ngalami undhak-undhakan kanthi prosentase 85,6% lan kalebu ing kategori apik. Dudutan asil panliten, yaiku lumantar pangetrapan metodhe Role Playing bisa ngundhakake katrampilan guru, aktivitas siswa, lan katrampilan micara wawancara  basa karma siswa. Tembung kang wigati: micara,  wawancara, ragam krama, metodhe Role Playing

Published
2016-02-09
How to Cite
PURNOMO RESTYANI, T. (2016). NGUNDHAKAKE KEWASISAN NGGUNAKAKE RAGAM BASA KRAMA SAJRONE  WAWANCARA LUMANTAR METODHE ROLE PLAYING SISWA KELAS 8A ING SMPN 5 TRENGGALEK. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 40
PDF Downloads: 277