UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016

  • UPIK DEWANTI

Abstract

UPIK DEWATI (13020114092),  Prof. Dr. UDJANG PAIRIN M. BASIR, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakutas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri  Surabaya

ABSTRAK

Ketrampilan nulis kalebu salah sawijining ketrampilan kang kudu dikuasah dening siswa. Ketrampilan nulis kang diwulangake marang siswa salah sijine yaiku nulis tembang macapat Pucung. Panliten iki ngrembug babakan kawasisane siswa nulis tembang Pucung lumantar medhia gambar, kelas IXA SMP Negeri 6 Trenggalek. Siswa kelas IXA kasebut minangka sumber data ing panliten iki jalaran nduweni kawasisan kang kurang ing babagan nulis tembang Pucung.

Adhedhasar landhesan panliten kasebut, mula bisa dirumusake saperangan punjere panliten, yaiku:  (1) Kepriye undhak-undhakane asil pasinaon siswa kelas IX A SMPN 6 Trenggalek anggone nulis tembang Pucung lumantar medhia gambar?  (2) Kepriye undhak-undhakane aktivitas guru anggone mulang materi tembang Pucung sawise migunakake medhia gambar? (3) Kepriye undhak-undhakane aktivitas siswa kelas IX A SMPN 6 Trenggalek anggone nulis tembang Pucung lumantar medhia gambar? Saka landhesan panliten kang wis diandharake mau, tujuwan kang ana sajrone panlien iki, yaiku: (1) Ngandharake undhak-undhakane asil pasinaon siswa kelas IX A SMPN 6 Trenggalek anggone nulis tembang Pucung lumantar medhia gambar, (2) Ngandharake undhak-undhakane guru anggone mulang materi nulis tembang Pucung sawise migunakake medhia gambar, lan (3)  Ngandharake undhak-undhakane keaktifan siswa kelas IX A SMPN 6 Trenggalek anggone nulis tembang Pucung lumantar medhia gambar.

Upaya kanggo ngundhakake kewasisane siswa kanthi nggunakake medhia gambar. Medhia gambar yaiku medhia kang digunakake kanggo nulis cakepan tembang Pucung supaya runtut karo paugerane. Panliten iki kaperang dadi 2 siklus kanthi sapatemon saben sikluse. Ing saben patemon ana 4 tahapan kang kudu ditindakake, yaiku tahap ngrencanakake kegiatan, nindakake kegiatan, observasi, lan refleksi. Panliten iki nggunakake metode kuantitatif lan teknik ngumpulake data nggunakake observasi lan tes.

Asile panliten nuduhake yen asile piwulangan siswa ing materi nulis tembang Pucung lumantar medhia gambar saya ningkat sawise digunakake medhia gambar. Kanthi biji katuntasan minimal 70 lan katuntasan kelas kudu nggayuh 80%, ing siklus I ana 19 siswa kang tuntas, dene 21 siswa kang durung tuntas. Rata– rata klas kang digayuh yaiku 67,12 lan persentase ketuntasan maksimal nggayuh 47%. Ing siklus II siswa kang tuntas dadi 35 siswa, dene 5 siswa durung tuntas. Rata – rata klas nggayuh 76,25 lan persentase ketuntasan maksimal nggayuh 87%. Aktivitase guru ing siklus I mung antuk skor 22 persentase 54,5%, ing siklus kang pungkasan utawa siklus II skor 27 persentasine saya ningkat dadi 71,6%. Aktivitase siswa ing siklus I mung kasil nggayuh persentase 14,9, lan ing siklus II, persentasene saya ningkat dadi 18,57. Anane owah-owahan ing asile evaluasi siswa sarta aktivitas guru lan siswa bisa disimpulake yen medhia gambar bisa ningkatake kawasisan nulis tembang Pucung siswa kelas IX A SMP Negeri 6 Trenggalek

Published
2016-02-09
How to Cite
DEWANTI, U. (2016). UPAYA NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS TEMBANG PUCUNG LUMANTAR MEDHIA GAMBAR SISWA KELAS IXA SMPN 6 TRENGGALEK TAUN AJARAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 65
PDF Downloads: 60