NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI SASTRA MACA CRITA CEKAK NGANGGO MEDHIA KARTU UKARA RUMPANG TUMRAP SISWA KELAS VIIIA SMP NEGERI 1 BAGOR

  • WAKINI

Abstract

Wakini, Drs. Bambang Purnomo M.S.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah(Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

 

Abstrak

 

 

Pasinaon sastra  ing piwulangan Bahasa Daerah (basa Jawa) dadi pasinaon sing wigati. Piwulang sastra dadi sarana panggulawenthahsiswa. Piwulang sastra ndadekake siswa nduweni ati kang alus, ora brangasan, satemah bisa   ndarbeniwatak, karakter utawa budi pekeri kang becik.    Ketrampilan nulis uga wigati tumrap siswa. Kanthi ketrampilan nulis  siswa diajab bisa nulisake ide utawa gagasan-gagasane.

Ing pasinaon apresiasi sastra maca crita cekak, mliginenggawe/nulis rangkuman/nyritakake isine crita cekak ing kelas VIIIA SMP Negeri 1 Bagor isih ana  reribed/masalah.   Masalah kang ana ing kelas VIIIA mau yaiku cendheke asile pasinaon apresiasi maca crita cekak, mligine nggawe rangkuman/nyritakake isine crita cekak.    Asile  pasinaonkang kagayuh siswa isih sangisore KKM.   Iki bisa dingreteni adhedhasar asile pretes kang wis ditindakake. Cacahe siswa kelas VIIIA 31. Siswa kang nggayuh biji 78 mung 5. Siswa kang nggayuh biji 68 ana 18. Siswa kang nggayuh biji 56 ana 8. Proses pasinaon uga kurang becik. Siswa lan guru kurang aktif sajrone pasinaon. Guru isih akeh nggunakake cara ceramah. Siswa kurang greget sajrone pasinaon.

Kanggo ngrampungi reribed/masalah mau ditindakake penelitian tindakan kelas.Pasinaon ing PTK ditindakake kanthi nggunakake medhia kartu ukara rumpang.   Kartu iki isine ukara-ukara kang durung genep utawa durung rampung. Ukara-ukara mau mujudake ringkesan isine crita cekak kang diapresiasi.

   Panliten ditindakake sajrone rong siklus.    Saben siklus suwene    2 x 40 menit.  Sawise panliten siklus I ditindakake, ana undhak-undhakan asile pasinaon. Siswa kang nggayuh biji  78 lan 88 ana 25, ateges tuntas klasikal  80,65%.    Asile panliten siklus II, siswa kang nggayuh biji 78 lan 88 ana 28, ateges tuntas klasikal 90%. Semono uga ana undhak-undhakan  tumindak /keaktifane siswa lan guru.

Published
2016-02-09
How to Cite
WAKINI,. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI SASTRA MACA CRITA CEKAK NGANGGO MEDHIA KARTU UKARA RUMPANG TUMRAP SISWA KELAS VIIIA SMP NEGERI 1 BAGOR. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 45
PDF Downloads: 128