MEDHIA KARTU SAJODHO KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS AKSARA PASANGAN LAN SANDHANGAN KELAS VII-D SMPN 2 BARON TAUN PIWULANGAN 2015/2016

  • WINARMI

Abstract

Winarmi, Drs. Bambang Purnomo, M.S

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

bintangrokani@yahoo.co.id

Abstrak

 

Panliten tindakan kelas kanthi medhia kartu sajodho (kardho) katujokake kanggo ngobati masalah kang tuwuh ing kelas VII-D  mligine ing materi nulis mawa aksara Jawa. Adhedhasar pengalaman lan asil observasi panliti ing kelas VII-D SMP Negeri  2 Baron,  tingkat sinaune siswa sajrone pamulanganbasaJawamligineingbabnulisaksarapasangansethithikbanget. Bijine siswa akeh sing durung tuntas KKM, biji rata-rata siswa mung 65. Kajaba kuwi, nalika ditindakake pre-test nulis aksara jawa asilie siswa 66,08, cetha asil pambiji siswa ing klas VII-D akeh sing durung tuntas. Aktivitas siswa sajrone proses pamulangan isih sethithik banget. Proses pamulangan isih kapunjer ing guru, ndadekake siswa pasif. Guru uga durung optimal anggone migunakake sarana prasarana kanggo ngapiki kagiyatan pamulangane.

Panliten katindakake rong siklus ing sasi Agustus tumeka September taun 2015. Asiling panliten nuduhake ing siklus I rata-rata bijine siswa 72,01, banjur ing siklus II bisa nggayuh77,2. Cacahing siswa kang ora tuntas 9 siswa bisa suda kari 4 siswa ing siklus II. Ketuntasan klasikal sing sadurunge 65% bisa kasil digayuh ing siklus II  82,6%. Aktivitase guru ing siklus I nggayuh biji 26 kanthi prosentase 65%, ing siklus II mundhak dadi 3,4 kanthi prosentase dadi 85% utawa kalebu ing kategori apik. Aktivitase siswa ing siklus I jumlah skor bisa nggayuh 19 kanthi rata-rata 2,32, ing siklus II bisa kasil 26 lan rata-ratane 3,25. Prosentase ketuntasan sing sadurunge melbu kategori kurang, ing siklus II kasil mundhak dadi 81%.

Published
2016-02-09
How to Cite
WINARMI,. (2016). MEDHIA KARTU SAJODHO KANGGO NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS AKSARA PASANGAN LAN SANDHANGAN KELAS VII-D SMPN 2 BARON TAUN PIWULANGAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 18
PDF Downloads: 1462