NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI TEMBANGMACAPAT SINOMKANTHI MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STADSISWA KELAS VIII C SMP WACHID HASYIM 7 SURABAYA TAHUN  AJARAN 2015-2016

  • WIWIK WINHARTATIK

Abstract

Wiwik Winhartatik, Dra. Sri Wahyu Widayati, M. Si

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Winhartatik@yahoo.co.id

 

Abstrak

 

Lelandhesan Kurikulum 2013 (K-13) kang wis ditrepake wiwit tahun 2013 kepungkur, materi–materi kang diwenehake sajrone piwulangan Basa Dhaerah, salah sijine yaiku ketrampilan nulis. Panliten iki munjerake ing materi ngapresiasi tembang, mligine tembang macapat sinom lan ditindakake marang siswa kelas VIII C SMP Wachid Hasyim 7 Surabaya.

Prakara kang pingin dikaji ing panliten iki yaiku: (a) Kepriye undhake aktivitas guru mulang ngapresiasi tembang macapat sinom kanthi migunakake tipe STAD? (b) Kepriye undhake sikap siswa ngapresiasi tembang macapat sinom migunakake tipe STAD? lan (c) Kepriye undhake asil pasinaon siswa kanthi migunakake modhel STAD ngenani ngapresiasi tembang macapat sinom?

Ancase saka panliten tindakan kelas iki yaiku: (a) Pingin mangerteni undhake keaktivan guru ngapresiasi tembang macapat sinom rikala nindakake modhel piwulangan kooperatif tipe STAD. (b) Pingin mangerteni undhake sikap siswa ngapresiasi tembang macapat sinom nalika ditrapake modhel piwulangan kooperatif tipe STAD. (c) Pingin mangerteni undhake asil pasinaon siswa ing piwulangan ngapresiasi tembang macapat sinom kanthi ngetrapake modhel piwulangan kooperatif tipe STAD.

Panliten iki diajab bisa menehi paedah tumrap siswa, guru lan sekolah. Paedah kasebut antarane : kanggo siswa supaya bisa nglatih lan nuwuhake kreativitas, kanggo guru bisa dadi salah siji variasi ing sajrone piwulangan, sarta kanggo sekolah bisa ngundhakake proses pasinaon supaya luwih apik amarga guru tansah ngowahi carane mulang kang salaras karo kondisi siswa lan materi piwulangan sarana nganakake PTK. Uga nambah akehe metodhe, modhel lan teknik kanggo variasi piwulangan.

Panliten iki nggunakake modhel STAD, yaiku strategi kang nggunakake tembang macapat minangaka materi piwulangane lan nuntut siswa supaya nggoleki unsur lair lan unsur batin kang kinandhut ing sajerone tembang macapat sinom kanthi klompok. Panliten iki kalebu PTK saengga nggunakake syintax (siklus). Panliten iki kaperang dadi 2 siklus. Ing saben patemon ana 4 tahapan kang kudu ditindakake, yaiku tahap ngrancang kegiyatan, nindakake kegiyatan, observasi lan refleksi.

Asile panliten iki nuduhake yen asile piwulangan siswa ing materi ngapresiasi tembang macapat saya ningkat sawise nggunakake modhel STAD. Kanthi biji katuntasan minimal 78 lan katuntasan kelas kudu nggayuh 80%.

Ing siklus I ana 28 siswa utawa 73.68% kang tuntas lan 10 siswa utawa 26.32% durung tuntas. Ing siklus II siswa kang tuntas dadi 33 murid utawa 86.84%, dene 5 siswa utawa 13.15% durung tuntas. Ing siklus I persentase aktivitas guru 72% lan ing siklus kang pungkasan utawa siklus II persentasene saya ningkat dadi 84%. aktivitase siswa ing siklus I kasil nggayuh persentase 74% ing siklus II persentasene saya ningkat dadi 88%. Anane owah – owahan ing asil tes siswa sarta aktivitas guru lan siswa bisa didudut yen modhel STAD bisa ngundhakake kawasisan nganalisis unsur lair lan unsur batin ing sajrone tembang macapat siswa kelas VIII C SMP Wachis Hasyim 7 Surabaya.

Published
2016-02-09
How to Cite
WINHARTATIK, W. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN APRESIASI TEMBANGMACAPAT SINOMKANTHI MODHEL PEMBELAJARAN KOOPERATIF TIPE STADSISWA KELAS VIII C SMP WACHID HASYIM 7 SURABAYA TAHUN  AJARAN 2015-2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 49
PDF Downloads: 51