Authors

  • YOHANA LILIS SURYANI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25p

Abstract

Yohana Lilis Suryani, Dr. Surana, S. S. M. Hum. 

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Baasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Sharonmawar95@yahoo.com

 

Abstrak

 

Adhedhasar pengamatan siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun ora bisa ngarang tembang Maskumambang kanthi apik amarga ana panyebabe yaiku :1) Perbawane jaman globalisasi kang ditandhani kemajuan teknologi njalari tembang macapat ora digatekake dening para siswa, 2) Sistem pelestarian budhaya daerah kang kurang kuwat.

Adhedhasar lelandhesan kang wis kaandharake mula ditentokake underane panliten yaiku: (1) Kepriye kagiyatan aktivitase guru jroning ngajarake ngarang tembang Maskumambang  marang siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun? (2) Kepriye tangkepe  siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun tumprap pasinaon ngarang tembang Maskumambang? (3) Kepriye undhak-undhakane asil pasinaon tembang Maskumambang sawise nggunakake metodhe dhemonstrasi ?

Kanggo ngawekani siswa kelas 9B SMPN 14 Madiun  ora bisa ngarang tembang Maskumambang panliti nggunakake metodhe demonstrasi yaiku sawijining metodhe pasinaon kang nggunakake paragan kanggo upaya njelasake sawinjining pangerten utawa kanggo njelasake prosese sawijine perkara.

       Ana undhak-undhakan asil saben kagiyatan sakwise nggunakake metodhe  Demonstrasi, saka kagiyatan aktivitase guru ana undhakan-undhakan  saka 77 % dadi 87%, dadi ana undhakan 10 %, kagiyatan siswa saka 67 % dadi 81%, dadi ana undhakan  14%, dene asil pambiji post test  saka 95 % dadi 100 % dadi ana  undhak-undhakan 5 % undhak-undhakan mau jalaran guru ngugemi asil kekurangane saka siklus I lan nindhakake kegiyatan luwih kanthi luwih apik maneh. Tembung kang wigati: ndhakan kawasisan, ngarang  tembang Maskumambang , metodhe demonstrasi

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2016-02-09

How to Cite

LILIS SURYANI, Y. (2016). Jurnal Online Baradha, 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract views: 37 , PDF Downloads: 38