TRADHISI LARA PANGKON ING WEWENGKON MOJOKERTOTINTINGAN (wujud , makna, pamanggih masyarakat)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Abstrak Sajrone purwaka ing ngisor iki bakal diandharake ngenani bab kabudayan. Saliyane iku ing ngisor bakal ngandharake ngenani kabudayan Lara Pangkon ing tlatah Mojokerto, uga ing purwaka iki bakal jlentrehake ngenani kabudayan ing jawa timur. Tujuwan panliten iki yaiku: (1) Ngandharake wujud tradhisi LP ing Mojokerto. (2)Ngandharake makna tradhisi LP ing sajrone nenikahan. (3) Ng andharake pamanggihe masyarakat wewengkon Mojokerto marang tradhisi LP. Manfaat panliten iki yaiku: Asile panliten iki yaiku Kabudayan minangka wujud tradhisi tinggalane leluhur kang isih dipercaya masyarakat semono uga kabudayan Jawa. Kabudayan Jawa iki m aneka warna wujude, saben – saben dhaerah utawa saben suku nduweni tradhisi lan budayan dhewe – dhewe kabudayan ing Jawa Timur kaperang dadi wolu lan nduweni titikan dhewe – dhewe, uga diklompokake miturut budaya lan tlatahe, yaiku Jawa Mataram, Arek Samin, Te ngger, Osing, Pandalungan, Medura Pulau, Medura Bawean lan Medura Kangan. Kabudayan nuswantara kaperang dadi telu yaiku (1) kabudayan lokal, (2) kabudayan dhaerah, (3) kabudayan nasional. Saben – saben kabudayan kasebut ora bisa tuwuh dhewe – dhewe, antarane s iji kabudayan kelawan kabudayan liyane iku nduweni gegayutan kang bisa ndadekake katelune kabudayan kasebut ora ilang. Asil panliten nuduhake Tradhisi LP biyasane ditindakake dening masyarakat ing w ewengkon Mojokerto. Tujuan nindakake adicara LP iki supaya mangerteni yen putrane lanang utawa wadon arep nindakake nenikahan, uga digawe tetenger yen putra putrine arep mba ngun bale wisma. Asil panliten nuduhake: Tradhisi LP biyasane ditindakake dening masyarakat ing wewengkon Mojokerto. Tujuan nindakake adicara LP iki supaya mangerteni yen putrane lanang utawa wadon arep nindakake nenikahan, uga digawe tetenger yen putra putrine arep mbangun bale wisma, sakliyane iku LP uga digawe hiburan ing adicara pawiwahan lan pungkasan uga digawe nguri – uri kabudayan ing we wengkon Mojokereto. Tradhisi LP isih diugemi dening masyarakat wewengkon Mojokerto, Masyarakat kasebut nduweni kapitayan dhewe – dhewe ngenani LP, sebab tradhisi iki ora nduweni babagan mitos utawa mistis, dadi Masyarakat bisa nindakake uga ora nindakake o ra dadi ngapa. Ing adicara LP nduweni makna kang akeh, kayata jago kang digawa paraga loro uga nduweni makna dhewe,lan pacaturan kang ditindakake nduweni sesanti dhewe – dhewe. Dadi LP bisa digawe tuladha kanggo urip bebrayan lan kanggo sangu penganten an yar kang arep mbangun bale wisma. Tembung wigati: makna lan wujud tradhisi Lara Pangkon wewengkon Mojokerto kebudayaan
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

