Mitos lan Tradhisi ing Pasareyan Sunan Bejagung Semanding Kabupaten Tuban(Tintingan Folklor)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25pAbstract
Mitos lan tradhisi ing pasareyan Sunan Bejagung sing maneka werna jinise kalebu sing nganti saiki isih diugemi dening masyarakat mligine masyarakat desa Bejagung. Tradhisi haul sunan Bejagung lan manganan, nadzar, sumpah pocong, kedhuk sumur, dh awetan, lan barikan dene mitos ngenani legendha Sunan Bejagung lan kapitayan - kapitayan sing ana ing njerone mujudake rasa panyengkuyung tumrap pitutur becik lan tetinggalan Sunan Bejagung sarta rasa syukur marang Gusti. Underan saka panliten i ki yaiku: (1)Kepriye mula bukane tradhisi ing pasareyan Sunan Bejagung Desa Bejagung Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban, (2) Mitos apa wae sing ana ing Pasareyan Sunan Bejagung Desa Bejagung Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban (3)Tradhisi apa wae sing ana ing Pasareyan Sunan Bejagung Desa Bejagung Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban, (4)Apa wae uba rampe kang kinandut sajrone tradhisi ing pasareyan Sunan Bejagung Desa Bejagung Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban, (5)Kepriye tata laku tradhisi ing pasareyan Sunan Bejagung Desa Bejagung Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban, (6)Kepriye makna kang kinandut sajrone tradhisi ing pasareyan Sunan Bejagung Desa Bejagung Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban, (7)Kepriye fungsi lan nilai budaya sajrone tradhisi ing pasar eyan Sunan Bejagung Desa Bejagung Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban, (8)Kepriye panemune masyarakat tumrap tradhisi ing pasareyan Sunan Bejagung Desa Bejagung Kecamatan Semanding Kabupaten Tuban. Landhesan analisis digunakake kanggo ngonceki prekara sajrone panliten iki, tradhisi, mula buka, tata laku nggunakake teori folklor Danandjaja, makna simbolis dilandhesi hermeneutik pamawase Sumaryono lan semiotik panemune Noth, fungsi bakal ditintingi teori Bascom, nilai budaya bakal diandharake nggu nakake teori saka Lantini. Metodhe sing digunakake sajrone panliten yaiku dheskriptif kualitatif dene tata cara nglumpukake dhata lumantar observasi, wawancara, lan kuesioner. Asile panliten yaiku: (1)MLTIPSB minangka wujud panghurmatan marang S unan Bejagung lan wiwitane tradhisi uga nerusake saka kebiasaan - kebiasaan lan pitutur becike Sunan Bejagung semana uga kapitayan sing nganti saiki isih kajaga lan diugemi, (2)Tradhisi sing ana lan tetep diugemi dening masyarakat Desa Bejagung lan masyaraka t saka njaba yaiku haul Sunan Bejagung lan manganan, nadzar, sumpah pocong nanging wis ora diwenehi ijin, dhawetan, barikan, lan kedhuk sumur. Kapitayan sing dipitayani masyarakat nganti saiki yaiku kapitayan marang banyu sumur gemuling, ora oleh dodol seg a ing sakiwatengene pasareyan, pesugihan, dina Kemis Pon malem Jemuwah Wage sarta mitayani yen bangunan - bangunan tetinggalane Sunan Bejagung nduweni makna ajaran saka Sunan Bejagung, (3) Uba rampe lan tata laku sajrone tradhisi nduweni makna simbolis kang gunane kanggo antuk berkah saka Gusti Allah lumantar Sunan Bejagung minangka W aliyullah, (4) Pigunane MLTIPSB tumrap masyarakat yaiku minangka sistem proyeksi, pengesahan pranata - pranata, pendhidhikan kang ngandut nilai religi, sosial, lan etika, ngraketak e paseduluran, nentremake ati, ngalab berkah, lan sarana pelestari budaya. 2 Nilai kang kinandut yaiku nilai pangabekten, nilai tulung tinulung, kerukunan, lan tresna marang liyan, (5) Panemune masyarakat sarujuk banget yen kabeh tradhisi lan kapitayan ing P SB dijaga lan diugemi minangka budyaa daerah lan warisna leluhur supaya kena kanggo sinau anak putu amarga sing saiki ngerti ngenani PSB kanthi cetha mung wong - wong sepuh para muda namung waton ngerti.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section
Abstract views: 126
,
PDF Downloads: 176











