TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATENMADIUN(TintinganFolklor Setengah Lisan)

Authors

  • YULIANA SRI ASTUTI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25p

Abstract

Tradhisi Suran Agung ing Petilasan Nyai Lambang Kuning minangka salah sawijine wujud folklor setengah lisan kang ana ing desa Nglambangan, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun. Tradhisi Suran Agung ing petilasan Nyai Lambang Kuning iki ditindaka ke dening masyarakat Nglambangan saben setaun pisan yaiku nalika mapag sasi Sura. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye mula bukane legendha sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ing desa Nglambangan; (2) Tadhisi - tradhisi apa wae kang ana ing petilas an N yai L ambang K uning ; (3) Apa wae makna lan simbol kang kinandhut sajrone Tradhisi Suran Agung ; (4) Nilai - nilai budaya apa wae kang kinandhut ing T radhisi S uran A gung ; (5) Kepriye fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Kepriye owah - owahan sajrone T radhisi S ura n A gung . Tujuwan panliten iki, yaiku: (1) Njlentrehake mula bukane legendha petilasan N yai L ambang K uning sesambungan karo anane T radhisi S uran A gung ; (2) Njlentrehake wujud - wujude tradh isi kang ana ing petilasan N yai L ambang K uning . (3) makna lan simbol k ang kinandhut sajrone T radhisi S uran A gung ; (4) Njlentrehake nilai - nilai budaya sajrone T radhisi S uran A gung ; (5) Njlentrehake fungsi T radhisi S uran A gung ; (6) Njlentrehake owah - owahan kang dumadi ing tradhisi sajrone T radhisi S uran A gung . Paedah kang b isa dijupuk saka panliten iki yaiku, (1) Nambahi kawruh lan informasi marang pamaca ngenani wujude T radhisi S uran A gung kang ana ing Desa Nglambangan; (2) Nilai - nilai budaya sajrone Tradhisi Suran Agung lan tradhisi bisa digunakake kanggo nikelake lan uga mangun karaktere masyarakat; (3) Owah - owahan dingerteni kanggo ngandharake pambeda - pambeda sajrone T radhisi S uran A gung kang ngrembaka wiwit jaman biyen nganti jaman saiki; (4) Kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat desa Nglambangan ing babagan bud aya supaya tansah dijaga lan diuri - uri. Landhesan titingane yaiku konsep folklor, konse p tradhisi konsep makna lan simbol nggunakake yaiku teori semiotik peirce . N ilai budaya nggunakake konsep Latini kang diperang dadi telu, yaiku nilai dhidhaktik, nilai etik, lan nilai religius. Fungsi Tradhisi Suran Agung nggunakake teori modhifikasi saka Malinowski, William R. Bascom, lan Alan Dundes. Owah - owahan kang dumadi sajrone T radhisi S uran A gung nggunakake konsep Danandjaja lan Koentjaraningrat. P anliten ik i ngg unakake metodhe dheskriptif kualitatif komparatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten iki kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder . Sumber dhata primer yaiku para informan kang mangerteni Tradhisi S uran A gung , dene sumber dhata sekund er yaiku arupa dhata saka informan tambahan, gambar dhokumentasi lan cathetan lapangan. Asile panliten iki nuduhake yen T radhisi S uran A gung nduweni salah sawijine tatalakune adicara: Slametan Widak Kubra, Tahlilan utawa istighozah, kirab tumpeng Boga War sa lan Kirab Pusaka. Hiburan ing kene ana pagelaran langen beksa utawa tayuban lan uga wayangan. Ubarampe panjangkeping adicara kang digunakake sajrone T radhisi S uran A gung , yaiku; ambeng (tumpeng), jenang putih, jenang abang, jenang baro - baro, jadah, reng ginang, ingkung, kembang, pala p endhem lan sapanunggalane. Wujud nilai budaya ana telu, yaiku: (1) Nilai dhidhaktik; (2) Nilai etik; (3) Nilai religius. Fungsi sajrone T radhisi iki, yaiku: (1) Minangka alat proyeksi; (2) Minangka alat pangesahan budaya; (3 ) Minangka sarana pendhidhikan; (4) Minangka alat pengendhali sosial; (5) Minangka alat kanggo nentremake ati; (6) Minangka sarana kanggo ngalab berkah; (7) Minangka alat hiburan; lan (8) Fungsi Ekonomi. Owah - owahan kang dumadi sajrone tradhisi , yaiku duma di ing ubarampe lan sesajen kang digunakake sajrone adicara Suran Agung. Tembung wigati: Suran Agung, Nyai Lambang Kuning

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2017-07-13

How to Cite

SRI ASTUTI, Y. (2017). TRADHISI SURAN AGUNG SAJRONE PETILASAN NYAI LAMBANG KUNING ING KABUPATENMADIUN(TintinganFolklor Setengah Lisan). Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract views: 92 , PDF Downloads: 98