PANGEMBANGAN MATERI AJAR TEKS DRAMA MODERN AWUJUDPOP-UP BOOKSISWA KLASIX SMP NEGERI 19 SURABAYA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25pAbstract
Basa minangk a salah sawijine piranti utama kanggo sesrawungan. Basa nduweni maneka warna katrampilan yaiku maca, wicara, nulis, lan nyemak. Salah sawijine katrampilan sing diwulangake ing SMP Negeri 19 Surabaya klas IX yaiku katrampilan nyemak, kanthi kompetensi dasar “ ngerteni struktur teks, unsur basa, lan pesan moral saka teks drama modern.” Pamulangan basa Jawa ing SMP 19 Surabaya utamane klas IX, ora nggunakake buku pasinaon. Siswa ora diwajibake duwe buku kanggo sumber lan nyengkuyung pasinaon kelas. Siswa mung bakal nyimak apa kang diterangake dening guru. Bab iki bakal ndadekake katrampilan nyemak siswa kurang. Saliyane iku kawruhe siswa marang materi - materi pasinaon basa Jawa utamane materi teks drama modern uga dadi kurang banget. Adhedhasar prakara kasebut p anliten iki menehi inovasi arupa materi ajar sing asipat buku suplemen kanggo mbiyantu pasinaon siswa utamane ing materi teks drama modern. Materi ajar kasebut awujud pop - up book. Underan panliten iki, yaiku : (1) kepriye proses pangembangan materi ajar teks drama modern awujud pop - up book siswa klas IX SMP 19 Surabaya, (2) kepriye kuwalitas materi ajar teks drama modern awujud pop - up book siswa klas IX SMP 19 Surabaya, (3) kepriye efektivitas materi ajar teks drama modern awujud pop - up book siswa klas IX SMP 19 Surabaya, lan (4) Kepriye respon siswa tumrap materi ajar teks drama modern awujud pop up book siswa klas IX SMP 19 Surabaya. Tujuwan panliten iki yaiku : (1) ngandharake proses pangembangan materi ajar teks drama modern awujud pop - up book siswa klas IX SMP 19 Surabaya, (2) ngandharake kuwalitas materi ajar teks drama modern awujud pop - up Book siswa klas IX SMP 19 Surabaya, (3) ngandharake efektivitas materi ajar teks drama modern awujud pop - up book siswa klas IX SMP 19 Surabaya, lan (4) ngandharake respon siswa tumrap materi ajar teks drama modern awujud pop - up book siswa klas IX SMP 19 Surabaya. Pentinge pangembangan iki yaiku kanggo guru dikarepake bisa dadi piranti tambahan kanggomateri sing diwulangake uta mane pasinaonan teks drama modern, bisa dadi piranti tambahan kanggo sumber pasinaonan siswa sing bisa nuwuhake kawigaten, menehi kontribusi tumrap sekolah kanggo ngupaya ngundhakake mutu pendhidhikan kanthi cara ngembangake sumber pasinaon kang inovatif. Konsep sajrone panliten iki yaiku materi ajar awujud pop - up book , nyemak, lan teks drama modern. Materi ajar isine bab, tetembungan saka andharan materi pasinaon, ancas sing bakal digayuh, lan bab sing bakal disinaoni. Inovasi sing disuguhake yaiku kanthi menehi sajian ilustrasi kang narik kawigaten lan asipat nggambarake materi kanthi kreatif. Panliten iki migunakake rancangan panliten pangembangan modhel Thiagarajan dkk, sing kawastanan model 4 - D. Modhel 4 - D ( four - D model ) dibage dadi define ( ndhefinise ka ke), design (ngrancang), develop (pangembangan), lan desseminate (panyebaran). Panliten mung diwatesi tahap develop, amerga wektu lan kahanan sekolah sing ora mranani. Analisis kabutuhan siswa ing tahap define nuduhake asil HP rata - rata telung kelas yaiku 2,157 kalebu kriteria kurang jangkepi kompetensi. Tahap pungkasan dititiki kanthi nguji cobakake prodhuk. Saliyane iku, kanggo nguji efektivitas saka prodhuk nggunakake dhesain Quasi Experimental. Sampel panliten sing digunakake yaiku klas IX SMP Negeri 1 9 Surabaya, kanthi sampel klas IX - B minangka klas Uji Instrumen, klas IX - J minangka klas kontrol, lan klas IX - D minangka klas eksperimen. Teknik kang dienggo arupa tes, angket, lan observasi. Instrumen kang digunakake yaiku RPP, lembar angket, lembar obser vasi, lembar tes, lan lembar pambiji. Dene kanggo analisis dhata nggunakake uji t - signifikansi. Asil validitas ahli medhia nuduhake persentase 78,57% lan asil validasi ahli materi nuduhake persentase 95,83% tegese materi ajar teks drama modern layak ditrep ake ing pasinaon. Adhedhasar dhata ing andharan asile panliten, bisa didudut yen ana pambeda kang signifikan antarane asil pre - test lan post - test klompok kontrol uji coba winates, kanthi t hitung = 2,73 ? t tabel (0,05 db=6) = 2,447 lan ora ana pambeda kang signifikan antarane asil pre - test lan post - test klas kontrol uji coba luas, kanthi t hitung = 1,95 ? t tabel (0,05 db=32) 2 = 2,042. Dene asil piwulangan sabanjure ana pambeda kang signifikan antarane asil pre - tes t lan post - test klompok eksperimen uji coba winates kanthi t hitung = 8,44 ? t tabel (0,05 db=6) = 2,447 lan klas eksperimen uji coba luas kanthi t hitung = 6,93 ? t tabel (0,05 db=32) = 2,042. Asil t - test signifikansi uji coba winates nuduhake asil t hitung = 4,94 ? t tabel (0,05 db=14) = 2,145 lan asil t - test signifikansi uji coba luas nuduhake asilt hitung = 3,83 ? t tabel (0,05 db=66) = 2,000, ateges ana pambeda kang signifikan asil piwulangan nyemak teks drama modern antarane klompok kontrol lan klompok ekspe rimen kang nggunakake materi ajar teks drama modern awujud pop - up book . Bisa ditegesi yen H 0 “ditolak” lan H 1 “ditampa.” Saliyane iku, bandhingan asil kognitifklompok kontrol lan eksperimen uji coba winates t hitung = 6,98 ? t tabel (0,05 db=14) = 2,145 ( signifikan ) ateges H 0 “ditolak” lan H 1 “ditampa.” Bandhingan asil kognitifklas kontrol lan eksperimen uji coba luas t hitung = 3,23 ? t tabel (0,05 db=72) = 1,993 ( signifikan ) ateges H 0 “ditolak” lan H 1 “ditampa.” Bab iki bisa dibuktekake kanthi anane asil r espon siswa klas uji instrumen (IX - B) kang menehi respon kang kagolong “apik” kanthi prosentase 79,9%. Siswa klompok eksperimen uji coba I (klompok IX - D) menehi respon kang kagolong “apik banget” kanthi prosentase 91,25%. Siswa klas eksperimen uji coba lua s (IX - D) menehi respon kang kagolong “apik banget” kanthi prosentase 82,88%. Tembung Wigati : materi ajar, pop - up book , nyemak, teks drama modern.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section
Abstract views: 52
,
PDF Downloads: 59











