PRINSIP KERJASAMA SAJRONE ADICARA NDORO BEI ING JTV

Authors

  • CHOIRIA FITRIYANTI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25p

Abstract

Adicara Ndara Bei menehi kritik lan pitutur saben c rita sing salaras karo tema dina kasebut. Kritik lan pitutur diandharake peserta tutur kanthi cara ndhagel supaya ora nyinggung pangrasa. Tuturan humor kasebut nggunakake prinsip kerjasama. Alesan kasebut sing narik kawigaten panulis nliti bab iki. Panlite n iki nduweni underan lan ancas. Underane yaiku kepriye wujud prinsip kerjasama lan sipat humor sing ana ing adicara Ndoro Bei ing JTV. Dene ancase yaiku njlentrehake wujud prinsip kerjasama lan sipat humor sing ana ing adicara Ndoro Bei ing JTV. Teori si ng digunakake sajrone panliten iki yaiku prinsip kerjasama dening Grice lan sipat humor miturut Danandjaja. Prinsip kerjasama kaperang dadi papat yaiku maksim kuantitas, maksim kualitas, maksim relevansi, lan maksim cara. Dene sipat humor cacahe ana wolu y aiku ngemu kejutan, bisa ngecoh wong liya, nglanggar tabu, nampilake aneh - aneh, ora nalar, kontradiktif karo kedadeyan, nggodha lan nduwe arti luwih saka siji. Metode pengumpulan dhata nggunakake teknik simak lan teknik catat. Dene instrumen panlitene yaik u penliti, leptop, lan piranti kanggo nulis. Analisis sing wis kelakon nuduhake asil panliten. Asil panlitene yaiku adicara Ndoro Bei nggunakake teori prinsip kerjasama dening Grice lan nduweni sipat humor miturut Danandjaja. Prinsip kerjasamane yaiku ana maksim kuantitas, maksim kualitas, maksim relevansi lan maksim cara. Dene sipat humor iku cacahe ana wolu yaiku ngemu kejutan, bisa ngecoh wong liya, nglanggar tabu, nampilake sing aneh - aneh, ora nalar, kontradiktif karo kedadeyan, nggodha, lan nduwe arti luwih saka siji. Tembung wigati: Prinsip Kerjasama, sipathumor , adicara Ndara Bei

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2017-07-28

How to Cite

FITRIYANTI, C. (2017). PRINSIP KERJASAMA SAJRONE ADICARA NDORO BEI ING JTV. Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract views: 49 , PDF Downloads: 77