Ragam Basa Sajrone Pacaturan Dol Tinuku ing Pasar Jongkok Wonokromo Kutha Surabaya

Authors

  • BAGUS AKBAR GUMELAR

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25p

Abstract

Panganggone basa sing werna-werna ing antarane bisa ditemokake ing saben-saben pakaryan, kaya ta pakaryan dol tinuku. Panliten iki njupuk objek Pasar Jongkok Wonokromo Kutha Surabaya lan punjere panliten luwih cundhuk marang wujud wernane basa kaya ta variasi tembung, sosiolek, lan idiolek.
Dhasar panliten iki yaiku ngenani wernane basa. Kalebu sosiolek lan idiolek. Ancas panliten iki yaiku ngandharake kepriye wae wujude wernane basa, wujud sosiolek, lan idiolek sajrone pacaturan dol tinuku ing Pasar Jongkok Wonokromo kutha Surabaya. Paedah teoretis panliten iki yaiku bisa menehi sumbangsih marang panliten ngenani panganggone basa. Paedah praktise supaya bisa migunani tumrap pasinaon sosiolinguistik.
Panliten iki minangka panliten sosiolinguistik awit ngrembug basa sing ana sesambungane karo kahanan sosial sajrone bebrayan. Panliten iki asipat deskriptif. Teori sing digunakake yaiku teori sosiolinguistik Chaer. Metodhe sing digunakake yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan. Sumber dhata panliten iki yaiku pacaturan dol tinuku sing ditindakake dening bakul lan wong sing tuku ing Pasar Jongkok Wonokromo kutha Surabaya.
Wernane basa sajrone pacaturan dol tinuku ing Pasar Jongkok Wonokromo kutha Surabaya kaperang dadi telu yaiku sosiolek, idiolek, lan variasi tembung. Dene wujud tindak basa sajrone pacaturan dol tinuku ing Pasar Jongkok Wonokromo kutha Surabaya kaperang dadi wujud alih kode lan campur kode.
Tembung Wigati: Ragam Basa, Pacaturan, Dol tinuku, Pasar Jongkok, Sosiolinguistik.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2017-08-02

How to Cite

AKBAR GUMELAR, B. (2017). Ragam Basa Sajrone Pacaturan Dol Tinuku ing Pasar Jongkok Wonokromo Kutha Surabaya. Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract views: 68 , PDF Downloads: 78