Rusake Alam Sajrone Geguritan Sastra Jawa Modern: Tintingan Ekokritik
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25pAbstract
Ecocritism minangka tintingan kang nduweni sesambungan antarane manungsa klawan non-manungsa (lingkungan alam), kabudayan, lan analisis sacara kritis ngenani panguripane manungsa lan lingkungan alam (Garrad, 2004:5). Kerusakan Lingkungan sajrone Geguritan nggambarake kerusakan lingkungan lan sesambungane manungsa klawan lingkungan kang ana ing bebrayan kang diwujudake lumantar karya sastra awujud geguritan.
Underane Panliteniki yaiku Kepriye: (1) gegambaran kerusakan alam sajrone sajrone Geguritan Sastra Jawa Moderen? (2) sesambungan antarane Manungsa klawan Alam sajrone Geguritan Sastra Jawa Moderen? (3) Nada sajrone Geguritan Sastra Jawa Modern kang ngandharake tema Rusake Jagad? Panliten iki diajab bisa menehi paedah yaiku: (1) Tumrap panliti, diajab bisa kanggo ngecakake kawruh lan katrampilan sing wis ditampa nalika kuliyah. (2) Tumrap sastra Jawa, diajab bisa menehi sumbangan tumrap ngrembakane panliten karya sastra sing nggunakake tintingan ekokritik. (3) Tumrap piwulang sastra, diajab bisa digunakake minangka piranti anggone nyinaoni apresiasi sastra utawa kritik sastra. (4) Tumrap pamaca, diajab bisa njembarake kawruh nalika ngrembug ngenani rusake jaded kang ditintingi nggunakake ekokritik.
Panliten iki minangka panliten kualitatif kang nggunakake metodhe diskriptif kualitatif. Sumber dhatane yaiku 20 geguritan kerusakan Alam, kanthi dhata awujud tembung-tembung, ukara lan wacan kang ana gegayutan karo underaning panliten. Teknik ngolah dhata kang digunakake yaiku analisis dhata, diskripsi asil analisis, lan dudutan asil panliten.
Andharan asiling panliten mujudake maneka warna kerusakan alam sajrone geguritan sastra jawa modern mligine ekokritik karya sastra Greg Garrad yaiku: (1) Anane gegambaran rusake jagad amarga pokal gawene manungsa lan amarga kahanane alam kasebut. Banjir, longsor, alas kobong, paceklik salah ssawijine kedaean kang bisa dadi sumber anane kerusakan alam. (2) Anane sesambungan antarane manungsa klawan lingkungan kang dirasa nduweni keterkaitan kang wigati banget. Manungsa lan jagad yaiku komponen kang ora bisa dipisahake amarga manungsa lan lingkungan yaiku subjek lan objek kanggo anane bebrayan. (3) Nada minangka pamawase pangrita kang gambarake rusake jagad lan pangajak supaya bisa njaga kelestarian jagad.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

