KADURJANAN SAJRONE ANTOLOGI CERKAK PREMAN ANGGITANE TIWIEK SA(Tintingan Sosiologi Sastra)

  • WULANDARI

Abstract

Kadurjanan kalebu tumindak nerak ukum lan moral kamanungsan. Tumindak durjana mesthinuwuhake perkara-perkara kang bisa nyebabake rasa kuwatir tumrap masyarakat, nanging kadurjanantansah ana sajrone panguripane masyarakat. Kadurjanan bisa ditemokake sajrone salah sawijine karyasastra yaiku antologi cerkak Preman (ACP) anggitane Tiwiek SA. Adhedhasar andharan kasebut,antologi cerkak Preman (ACP) iki narik kawigaten kanggo ditliti mawa tintingan sosiologi sastra.Underan panliten iki yaiku kepriye (1) gegambaran tumindak kadurjanan (2) panyebabtumindak kadurjanan (3) akibat saka tumindak kadrujanan. Tujuwane panliten iki yaiku ngandharake(1) gegambaran tumindak kadurjanan (2) panyebab tumindak kadurjanan (3) akibat saka tumindakkadurjanan. Dene paedahe panliten iki ing antarane yaiku, bisa nambahi cacahe panliten ing jagadingkasusastran Jawa modern lan bisa kanggo referensi panliti liyane, kanggo bahan pasinaonan ingpamulangan basa Jawa, uga bisa nambahi dhokumentasi bahan rujukan kanggo panliten sabanjuresupaya luwih kreatif maneh anggone nulis.Pamarekan ing panliten iki yaiku sosiologi sastra. Dene metodhe kang digunakake yaikumetodhe dheskriptif kualitatif kanthi pendekatan sosiologi sastra kang dijlentrehake dening Wellek lanWerren. Sumber dhata arupa antologi cerkak Preman (ACP) anggitane Tiwiek SA. Dhata panliten ikiyaiku tembung lan ukara sajrone antologi cerkak Preman (ACP) anggitane Tiwiek SA. Dene tata caranglumpukake dhata yaiku kanthi teknik maca lan nyathet. Tata cara ngandharake dhata digunakakemetodhe dheskriptif analisis kanthi tintingan sosiologi sastra.Asile panliten iki kaperang dadi telu. (1) Gegambaran tumindak kadurjanan yaiku, (a)kadurjanan kanggo kaperluwan pribadhi, wujude toh-tohan, apus-apus, nerak kasusilan, ngancam, lankorupsi (b) kadurjanan kanggo kaperluwan kelompok, wujude ngrampog lan tawuran (2) Faktor kangnjalari paraga nindakake kadurjanan kaperang dadi loro yaiku, (a) faktor eksternal, wujude antara liyafaktor ekonomi lan faktor lingkungan. (b) faktor internal. Wujude antara liya emosi, frustasi, kabutuhanseksual lan pendhidhikan. (3) Akibat saka tumindak kadurjanan kaperang dadi telu yaiku, (a) tumrapawake dhewe, wujude apes lan mlebu bui, (b) tumrap kulawarga, wujude rugi bandha lan digethingiwong liya, (c) tumrap masyarakat, wujude ing antarane nuwu

Published
2017-09-13
How to Cite
WULANDARI,. (2017). KADURJANAN SAJRONE ANTOLOGI CERKAK PREMAN ANGGITANE TIWIEK SA(Tintingan Sosiologi Sastra). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 61
PDF Downloads: 152