PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KATRAMPILANNYEMAK RAGAM BASA JAWA SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 2 JOMBANGTAUN AJARAN 2017/2018
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Pengembangan medhia diperlokake banget kanggo ngundhakake katrampilane siswa. Medhia kang
dikembangake ing panliten yaiku animasi flash. Medhia animasi flash digunakake kanggo ngundhakake
katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang. Underan saka panliten iki,
yaiku (1) Kepriye proses pengembangan medhia animasi flash kanggo pasinaon katrampilan nyemak ragam
Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang?, (2) Kepriye efektifitas medhia animasi flash minangka
medhia pasinaon katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang?, (3) Kepriye
tanggapane siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang tumrap panganggone medhia animasi flash minangka
medhia pasinaon?. Tujuwan saka panliten iki, yaiku (1) Ngandharake asile proses pengembangan medhia
animasi flash kanggo pasinaon katrampilan nyemak ragam Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang,
(2) Ngandharake efektifitas saka medhia animasi flash minangka medhia pasinaon katrampilan nyemak ragam
Basa Jawa siswa kelas VIII SMP Negeri 2 Jombang, (3) Ngandharake tanggapane siswa kelas VIII SMP Negeri
2 Jombang tumrap panganggone medhia animasi flash minangka medhia pasinaon.
Panliten iki kalebu jinis panliten pengembangan. Modhel pengembangan kang digunakake yaiku R&D
(Research & Development). Dhesain panliten kang digunakake ing panliten iki yaiku Quasi Eksperimental Design
kanthi wujud nonequivalent control group design. Panliten iki nggunakake telung kelas sampel, yaiku kelas uji
instrumen (VIII D), kelas eksperimen (VIII I), lan kelas kontrol (VIII J) saka populasi kelas VIII A nganti kelas
VIII J. Asil proses pengembangan saka validhator ahli medhia yaiku antuk biji persentase 87% kang ateges
kwalitas medhia kagolong “apik banget”. Asil pambiji saka validhator ahli materi yaiku antuk biji persentase
86% kang ateges isi materi kagolong “apik banget”. Asil uji coba 1 kelas eksperimen yaiku kelas kang
nggunakake medhia animasi flash sajrone pasinaonane. Asil uji coba 1 pre-test lan post-test kelas eksperimen
kang antuk titung = 9,812. Asil ing uji coba 2 pre-test lan post-test kelas eksperimen kang antuk titung = 8,811. Dene
asil uji coba 1 pre-test lan post-test kelas kontrol kang antuk titung = 7,582. Asil ing uji coba 2 pre-test lan post-test
kelas kontrol kang antuk titung = 2,177. Dideleng saka asile titung uji coba 1 lan uji coba 2 kang ana ing kelas
eksperimen luwih dhuwur tinimbang asile titung kelas kontrol. Asile efektifitas kelas eksperimen lan kelas kontrol
ing uji coba 1 kang antuk titung = 2,801 ≥ ttabel = 2,001, dene ing uji coba 2 kang antuk titung = 2,437 ≥ ttabel 2,004
ateges asil titung kasebut signifikan. Mula, bisa didudut yen medhia animasi flash bisa ngundhakake katrampilan
nyemak ragam Basa Jawa.
Asil tanggapane siswa tumrap panganggone medhia animasi flash saka kelas uji instrumen kang antuk
rata-rata persentasene 85% ateges “apik banget”. Asil respon siswa saka kelas eksperimen kang antuk rata-rata
persentasene 84% ateges kagolong “apik banget”. Yen dideleng saka asil efektifitas lan respon siswa bisa didudut
yen medhia animasi flash apik banget kanggo pasinaon nyemak ragam Basa Jawa, siswa ngrasa luwih semangat
lan seneng anggone nampa materi nyemak ragam Basa Jawa lan kanthi nggunakake medhia animasi flash bisa
luwih kasil anggone nyemak ragam Basa Jawa tinimbang ora nggunakake medhia.
Tembung kunci : medhia animasi flash, katrampilan nyemak.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

