VARIASI BASA SAJRONE LAGU BASA JAWA ANGGITANE ANDJAR ANY

Authors

  • ARISKA ANGGRAINI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25p

Abstract

Ragam basa yaiku maneka warna variasi basa sing disebabake amarga anane panutur sing ora
homogen lan amerga maneka werna interaksi sosial sing dilakoni (Chaer, 1995:81). Saka maneka werna panutur
kuwi bakal nuwuhake wujud variasi basa lan nuwuhake wujud maneka warna dialek sajrone masyarakat.
Panliten iki ngandharake wujud variasi basa sajrone lagu Jawa anggitane Andjar Any.
Panliten iki nggunakake metode deskriptif kualitatif. Dikumpulake kanthi cara maca lan nyatet lariklarik lagu nggunakake fonologi, morfologi, sintaksis, lan semantik lan sosiolinguistik sing selaras. Undheran
panliten iki yaiku (1) Kepriye ragam basa sajrone lagu jawa anggitane Andjar Any ?, (2) Kepriye wujud basa
rinengga sajrone lagu jawa anggintane Andjar Any ?.
Asil panliten iki yaiku ngandharake wujud wernane basa kang kaperang dadi wernane basa ngoko,
basa krama, lan dialek, wernane basa Jawa- basa Indonesia, campuran basa Jawa-basa Inggris, wernane basa
Jawa- basa Arab. Ing bab iki titi swara diperang dadi wujud pemendekan, panganggone vocal lan konsonan,
wujud parikan. Saliyane kuwi panliten iki uga tinemu wujud alih kode lan campur kode. Bab basa rinengga
tinemu wujud entar, bebasan, saroja, wangsalan, pepindhan, sanepa, lan candra.
Tembung wigati : lagu jawa, variasi basa, basa rinengga.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2017-12-12

How to Cite

ANGGRAINI, A. (2017). VARIASI BASA SAJRONE LAGU BASA JAWA ANGGITANE ANDJAR ANY. Jurnal Online Baradha, 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract views: 21 , PDF Downloads: 48